Trap trapane nulis KARANGAN DESKRIPSI sabubare gawe reng rengan yaiku

URAIAN MATERI KB-1 PAWARTA Ana ing piwulangan basa, ora bisa kapisahake kaliyan ancas piwulangan basa Jawa, yaiku ngandharake, mbimbing, lan ngundhakake kaprigelan basa siswa kang kaperang dadi papat, yaiku: kaprigelan nyemak, kaprigelan micara, kaprigelan maca, lan kaprigelan nulis. Saben kaprigelan basa kababar ana ing pirang-pirang materi piwulangan kang beda. Bisa wae sawijining materi ngandhut siji utawa luwih kaprigelan basa kang bakal disinau. Mula ana ing kene tugase guru kudu bisa ngracik materi piwulangan supaya bisa ngundhakake kaprigelan basa siswa. Miturut edaran saka Dinas Pendidikan sing paling anyar, piwulangan basa becike digawe piwulangan basa sing nggunakake piranti teks minangka materi piwulangan utawa asring sinebut Pembelajaran Bahasa berbasis teks. Menawa dirunut pancen materi apa wae ing piwulangan basa Jawa sumbere saka teks utawa tulisan carik. Salah siji materi kang disinau ana ing piwulangan basa Jawa, yaitu teks pawarta. Mula ana ing modul iki bakal kaandharake babagan teks pawarta. Mangga dijingleng kanthi premati sesarengan, kapurih para guru bisa mangerteni lan pikantuk kawruh kang mumpuni babagan materi teks pawarta, kang bisa digunakake rikala ngasta ana ing piwulangan basa Jawa. 1. Teges (Definisi) Teks Pawarta Teks pawarta kalebu salah sawijining teks kang diwulangake ana ing piwulangan basa Jawa ana ing sekolah, mligine ing pasinaon SMA/SMK ing kurikulum 2013. Tegese teks pawarta iku maneka warna, dene teges teks pawarta kang wus kaandharake dening para winasis, yaiku: a. Lapuran kang paling cepet babagan kadadeyan tartamtu, fakta utawa bab kang anyar, narik kawigaten, lan perlu dingerteni dening masyarakat kang awujud tinulis (Sudarman, 2008: 76). b. Intan Kurnia Pratiwi (2016: 3) ngandharake menawa teks pawarta mawa basa Jawa, yaiku lapuran kang paling cepet ngenani kedadeyan tertamtu, fakta utawa bab kang anyar, narik kawigaten lan perlu dingerteni dening masyarakat, kang awujud tinulis utawa digiyarake kanthi lisan nggunakake basa Jawa. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 1

c. Mitchell V. Carnley (lumantar Kusumaningrat, 2005: 39) ngandharake menawa pawarta iku minangka palapuran kang paling cepet babagan fakta-fakta lan opini sing narik kawigaten utawa penting kanggone saperangan wong akeh. d. Assegaf sawijining jurnalis saka negara manca lumantar Sumadiria (2005: 64) nduwe panemu babagan pawarta, yaiku palapuran babagan fakta utawa gagasan sing dikhususake tumrap wong akeh, dipilih dening staff redaksi kalawarti/ariwarti kanggo disiarake. Pawarta iku bisa ngenani bab apa wae kang bisa narik kawigatene para pamaos, babagan perkara/kadadean sing ngedabngedabi, babagan apa wae kang wigati kang bisa menehi pangaribawan tumrap perkara liyane, bab apa wae sing bisa narik kawigatene para warga. Utawa perangan bab apa wae kang utamane nduwe titikan bisa dadi human interest, kaya ta lelucon, emosi, lan babagan kang tintrim. e. Ermanto (2005: 73) nduwe panemu liya babagan tegese teks pawarta, yaiku saperangan kedadeyan (fakta lan data) sing dilapurake dening wartawan kang awujud tulisan lan dibiyawarakke ana ing kalawarti/ariwarti. f. Semi (lumantar Dewi, Wendra, lan Damayanti, 2017: 2) ngandharake menawa pawarta minangka crita utawa lapuran babagan kadadeyan utawa prastawa kang lagi wae dumadi lan sifate ngedab-ngedabi. Miturut dheweke, kang dianggep pawarta, yaiku prastawa kang nyata-nyata dumadi, ora ginawe-gawe lan ora direka-reka, wektu kadadeane lagi wae (aktual) satemah bisa ngagetake lan bisa njangkepi rasa kepengin ngerti (penasaran) wong akeh. Utawa bisa uga dikandhakake yen prastawa kasebut minangka kadadean sing ngedab-ngedabi lan arang-arang dumadi. Saka andharane para winasis ing dhuwur bisa kajupuk dudutan babagan teks pawarta, yaiku palapuran bab prastawa utawa kadadeyan kang lagi wae dumadi, kang wateke ngedab-ngedabi utawa arang ditemoni, lan dibiyawarakke lumantar media massa, bisa awujud ariwarti/ kalawarti, lisan utawa tulisan, saperlu bisa menehi informasi tumrap para bebrayan. Ora saben prastawa utawa kadadeyan bisa didadekake lapuran pawarta, ana saperangan titikan (ciri-ciri) kang kudu dipepaki supaya kadadeyan utawa prastawa Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 2

kasebut bisa ditulis minangka pawarta. Syarat prastawa kang jumbuh menawa didadekake pawarta yaiku: a. Awujud fakta utawa kedadayen kang bener-bener nyata dumadi, ora amung rekadaya utawa apus-apus. b. Aktual, yaiku prastawa kang lagi wae dumadi utawa isih anget-angete. Prastawa kang wis dumadi pirang sasi kepungkur tamtune wus ora narik kawigaten menawa ditulis dadi pawarta. c. Narik kawigaten utawa nduwe unsur human interest. yaiku bisa narik kawigatene para warga kang kepengin ngerti informasi ana ing sajroning pawarta. Dadi prastawa iki lumrahe arang/durung dimangerteni dening wong akeh. Tuladhane babagan upacara adat ana ing sawijining dhaerah, pengetan sawijining kedadeyan, lan sapituture. d. Wigati utawa penting, prastawa utawa informasi kang dianggep wigati lan ana gegayutane karo panguripane wong akeh patut menawa ditulis lan didadekake pawarta. Tuladhane, pawarta babagan undhak-undhakan rega, pawarta babagan asil saka pilpres utawa pilkada, uga pawarta babagan wanci tinetepake kapan tumekaning dinten riyaya idhul fitri utawi idhul adha. e. Prastawa kang ngedab-ngedabi lan arang ditemoni ana ing bebrayan utawa prastawa kang dianggep aneh. Tuladhane, ana ing sawijining panggonan katemokake kewan sing wujude aneh, prastawa babagan watu utawa sawijining panggonan sing duwe kasiat bisa mareni saperangan lelara. f. Ora ngandhut unsur SARA (Suku, Agama, lan Ras) lan ora duwe ancas kanggo ngelek-ngelek lan ngasorake sawijing pawongan utawa golongan. g. Seimbang, dadi prastawa kang tinulis panci manut apa anane, tanpa diimbuhi lan dikurangi, ora mihak golongan siji lan sijine utawa sifate netral. Saliyane iku, kaya kang diandharake dening Santana, ana saperangan elemen/unsur nilai berita kang digunakake lelandhesan kanggo gawe palapuran sajroning prastawa dadi pawarta. Elemen-elemen nilai berita iku antara liya: a. Immediacy kerep uga diarani timelines. yakuwi magepokan karo anyar apa orane sawijining prastawa kang dilapurake. Sawijining pawarta kerep diarani dadi Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 3

laporan saka prastawa sing lagi wae dumadi. Menawa prastawa utawa kadadeyane wis suwe anggone dumadi utawa wis lawas, kedadeyan kaya mangkono kena sinebut dadi sejarah. Dadi wektu kapan dumadine prastawa dadi piranti sing wigati lan perlu antuk kawigaten linuwih rikala nulis pawarta. b. Proximity, yaiku cedhak orane prastawa kang ditulis marang sasaran pawarta, yaiku wong sing maca koran utawa wong sing ngrungokake siaran pawarta. Masyarakat lumrahe nduwe kawigaten kanggo nyemak lan maca pawarta sing ora adoh saka papan panggonan urip saben dinane. c. Consequence, pawarta sing bisa ngrubah panguripane pamaca yaiku pawarta sing nduwe nilai konsekuensi. Tuladhane, pawarta babagan undhak-undhakaning gaji pegawe negeri, undhak-undhakan rega BBM, lps. Mula masyarakat langsung kepengin mangerteni lan ngetutake informasine, amarga babagan kuwi gayut karo konsekuensi kabutuhan masyarakat saben dinane. d. Conflict, gegeran utawa dredah antara pawongan siji lan sijine, antar kelompok siji lan sijine utawa perang antar negara dadi salah sijine elemen berita kang bisa dadi pawarta sing ngandhut informasi babagan dredah utawa gegeran, e. Oddity, prastawa sing arang dumadi utawa kalebu prastawa sing aneh lan ngedabedabi bakal bisa narik kawigatene para warga kanggo nyemak lan maca pawarta. f. Seks, asring dadi sawijining elemen baku ana ing sawijining pawarta. Apa wae kang ana hubungane karo seks lumrahe bisa narik kawigatene para warga. g. Emotion, asring diarani elemen human interest. Elemen iki magepokan karo critacrita sing ngandhut rasa sedhih, anyel, ambisi, katresnan, bagya mulya utawa unsur sawijining kedadeyan. h. Prominence, elemen iki dadi sawijining lelandhesan kang diarani names make news (jeneng kanggo gawe pawarta). Sakabehing perangan sing ana gayutane karo wong sing misuwur (public figure, pejabat, presiden, tokoh masyarakat, lan liya-liyane) lumrahe bisa didadekake pawarta. i. Suspence, elemen iki magepokan karo bab kang ditunggu-tunggu dening wong akeh. Racake pawarta iki ngandharake babagan fakta-fakta sing wigati. Mula cetha lan orane fakta sing diwartakake tetep ditunggu dening para warga masyarakat (Noor, 2017: 179-180). Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 4

Ing ngisor iki bisa dijinggleng kanthi premati tuladhane pawarta sing nduwe nilai Consequence, bisa ditonton ana sawijining video iki: Link video: https://www.youtube.com/watch?v=zf8agdlpuqc Link video: https://www.youtube.com/watch?v=4y78o6cy_lu Bakune teks pawarta, yaiku lapuran babagan kadadeyan tartamtu kang perlu dingerteni dening wong liya utawa masyarakat. Dadi ancase saka pawarta kuwi kanggo menehi informasi babagan prastawa nyata kang dumadi, kanggo wong akeh, lumantar sumber-sumber panyiaran, kaya ta siaran radio, tivi, uga kang tinulis ana sajroning ariwarti lan kalawarti. 2. Cenkorongan utawa Perangane Teks Pawarta Teks pawarta nduwe struktur utawa cengkorongan kang beda karo teks-teks liyane, kayata teks wara-wara, teks sesorah, teks narasi lan teks-teks liyane. Dene cengkorongan lan struktur teks pawarta miturut pamanggihe Assegaff kaperang dadi 4, yaiku Judul Pawarta (headline), baris tanggal (dateline), teras berita (lead utawa intro), lan tubuh berita (body) (Yuni, 2016: 501). Andharan saka struktur berita bakal kajlentrehake langkung jangkep ana ing andharan ngisor iki: a. Irah-Irahan (Judul) Pawarta utawa Headline Headline utawa judul pawarta lumrahe disartani anak judul. Gunane kanggo nggampangake para pamaca supaya enggal mangerteni prastawa utawa kadadeyan apa wae kang bakal kaandharake lan katengenake ana ing pawarta kasebut. Supaya luwih bisa narik kawigaten racake neng ngisor judul uga ana ilustrasi utawa gambar sing nggambarake isining pawarta kasebut. b. Baris Tanggal utawa Dateline Lumrahe deadline utawa baris tanggal kuwi katulis jenenge media massa/ariwarti/kalawarti, papan panggonan prastawa utawa kadadeyan, uga tanggal dumadine prastawa kasebut. Ancase kanggo nuduhake papan panggonan Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 5

lan cekakan saka media massa/ariwarti/kalawarti sing mbiyawarakake lan ngemot pawarta kasebut. c. Teras Berita utawa Lead/Intro Teras berita iki minangka perangan kang paling wigati ana ing teks pawarta, amarga bisa nemtokake, isining pawarta iku bakal bisa narik kawigaten apa ora, bakal kawaca apa ora dening para warga masyarakat. Dadi sejatine, teras berita iki nduwe kagunan kanggo nggambarake sakabehing isi pawarta nanging awujud cekak aos utawa ringkes. Lumrahe teras berita iki katulis ana ing paragraf kapisan kanggo narik kawigatene para pamaca. d. Tubuh Berita utawa Body Tubuh Berita iki minangka wosing pawarta. Isine kayadene prastawaprastawa, kedadeyan, utawa informasi sing bakal dilapurake nganggo basa sing singkat, cetha, lan ringkes. Body uga sinebut bagian perkembangan berita utawa peranganing teks pawarta sing bisa dikembangake dening panulis. 3. Titikane Teks Pawarta Teks pawarta nduwe titikan (ciri-ciri) sing bisa mbedakake karo teks-teks liyane. Titikane teks pawarta bisa katenger saka struktur khusus kaya kang wis kaandharake ana ing andharan sadurunge, yaiku kaperang dadi patang perangan (headline, dateline, lead/intro, lan body). Saliyane iku, titikan liyane saka teks pawarta, yaiku saka basa kang digunakake. Basa kang ana ing teks pawarta cetha nggunakake ragam basa sing beda karo teks-teks liyane. Titikaning basa kang digunakake ana teks pawarta miturut andharane Ermanto, diarani ragam basa jurnalistik. Dene basa kang mangkono iku nduwe titikan: a. Lugas Lugas tegese basa sing digunakake langsung ngandharake informasi utawa sasaran sing arep dibiyawarakake ana ing sajroning teks pawarta. Lumrahe basa pawarta nggunakake ukara-ukara sing cekak aos, ora ngambra-ngambra kaya basa sing digunakake ana ing ragam kasusastran. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 6

b. Singkat Basa sing digunakake ana sajroning pawarta nggunakake basa kang singkat, nanging ora ateges banjur antuk nggunakake cekakan utawa singkatan-singkatan kanggo nyingkat tembung-tembung. Singkat ing kene tegese basa sing digunakake ringkes lan cekak aos supaya maksud utawa informasi sing dibiyawarakake gampang dimangerteni dening para pamaca. c. Padat Padat neng kene tegese kabeh sing kaandharake ana ing teks pawarta langsung ngrembug babagan fakta kunci utawa fakta wigati sing ditulis utawa diandharake kanthi cara penyajian sing padat. Sing paling baku rikala nulis lan ngandharake teks pawarta kuwi ora ninggal aspek penting, yaiku 5W+1H (what/apa, who/sapa, when/kapan, where/neng ngendi, why/geneya, lan how/kepriye). Menawa aspek penting 5W+1H wis kaandharake, basa kang ana ing sajroning pawarta bakal dadi pawarta sing padat. d. Sederhana Sederhana tegese basa sing digunakake nganggo basa sing lumrah ora perlu diluwih-luwihake lan ora perlu dikurang-kurangi. Basa ana ing teks pawarta uga ora perlu nggunakake tembung rinengga (bahasa arkhais) kaya rikala nulis sawijining kasusastran, amarga bisa ndadekake para pamaca pawarta dadi kangelan mangerteni apa ancas lan isine pawarta. Basa sing lumrah uga ora nuwuhake lira-lirune panemu sing maca pawarta, utawa ora nduwe teges kang ambigu. e. Lancar Tegese basa sing digunakake ana sajroning teks pawarta gumantung marang lancar orane cara pamikirane wartawan sing nulis prastawa utawa kedadeyan ana sajroning pawarta. Dadi peran wartawan rikala nulis teks pawarta uga dadi salah sawijining faktor sing nemtokake teks pawarta kasebut bisa runtut apa ora. Dadi menawa kepengin dadi profesi wartawan kudu mangerteni carane nulis ukara kanthi runtut lan supaya pawarta sing ditulis nduwe struktur sing cetha. f. Narik kawigaten (Menarik) Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 7

Basa sing digunakake ana sajroning pawarta kudune nggunakake basa sing luwes lan ora kaku supaya narik kawigatene para warga sing arep maca pawarta. Menarik neng kene bisa kanthi cara ngowahi struktur ukarane, nggunakake tembung-tembung sing familiar lan lumrah digunakake ana ing bebrayan, lan nggunakake basa sing komunikatif. g. Netral Tegese netral, yaiku basa sing digunakake ana ing teks pawarta kajupuk saka basa sing cocok lan bisa ditampa dening wong akeh. Basa jurnalistik iku lumrahe duweni sifat sing netral amarga informasi sajroning teks pawarta kuwi bakal diandharake lan dibiyawarakake marang wong akeh sing nduwe latar belakang sosial, budaya, lan pendidikan sing maneka warna. Dadi becike nggunakake basa sing bisa ditampa dening wong akeh lan ora ngandhut unsur SARA sing bisa nuwuhake dredah lan seling-surupe para pamaca pawarta. Mangkono mau babagan titikaning pawarta, katenger saka basa lan struktur panulisane pawarta. Ananging titikan sing lumrah ana sajroning teks pawarta, yaiku teks pawarta duweni titikan: Narik kawigaten tegese pawarta bisa narik kawigaten para warga kanggo maca pawarta sing ditulis ana kalawarti utawa ariwarti. Iki dadi salah sawijining ancas panulisane pawarta, yaiku kanggo narik kawigaten para warga satemah para warga duweni krenteg kepengin maca lan mangerteni isine teks pawarta. Anyar utawa aktual, tegese pawarta kuwi becike ngemot prastawa, kedadeyan, utawa informasi sing lagi wae dumadi lan isih anget-angete dadi bahan omongane para warga. Menawa pawarta ngemot lan ngrembug babagan informasi sing wis dumadi pirang sasi kepungkur, pawarta kasebut bakal ora ana sing maca, amarga informasine dianggep wis kadaluwarsa. Pinercaya utawa faktual, informasi lan kedadeyan ana ing pawarta kudu bisa dipercaya, ateges informasi ana sajroning pawarta kuwi kudu adhedhasar prastawa utawa kedadeyan sing bener-bener dumadi kanthi nyata, ora mung saka apus-apus tanpa sumber sing jelas. Mula iku informasi ana sajroning teks pawarta kudu bisa ditanggungjawabke. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 8

Cetha lan nggunakake basa sing lumrah. Basa sing lumrah iku tegese nggunakake basa kang gampang dimangerteni dening para pamaca pawarta. Isi utawa informasi ana sajroning pawarta kudu diandharake nganggo basa sing cetha ora mbulet lan ngambra-ngambra. Ukara sing digunakake becike nganggo ukara sing lumrah lan nganggo basa sing komunikatif supaya gampang dimangerteni. 4. Unsur-unsur Teks Pawarta Kaya kang wis kaandharake ana ing sub bab sadurunge, ana sajroning teks pawarta ngemot informasi-informasi wigati sing bakal diandharake lan dibiyawarakake marang wong akeh. Mula ana sajroning teks pawarta kudu ngandhut informasi wigati magepokan karo prastawa utawa kadadeyan sing dibiyawarakake. Unsur-unsur kasebut bisa dicekak dadi unsur 5W+1H. Iku jumbuh marang apa kang wus kaandharake dening Dewi (2017: 3), dene sawijining prastawa utawa kadadeyan patut diangkat lan dilapurake dadi sawijining pawarta yen wus ngamot unsur 5W+1H, satemah bisa diarani pawarta kang layak kanggo dibiyawarakake ana ing media massa/kalawarti/ariwarti amarga nduwe informasi kang jangkep. Assegaf uga duweni panemu, menawa sawijining pawarta mono nduwe syarat kang khusus kang kudu diduweni, yaiku kudu ngemot unsur apa, sapa, neng ngendi, kena ngapa, kapan, lan kepriye (Yuni, 2016: 501). Saka andharane para winasis ing dhuwur, bisa katarik dudutan menawa ana sajroning pawarta iku kudu ngemot unsurunsur 5W+1H (apa, sapa, neng ngendi, kapan, kena ngapa, lan kepriye) supaya pawarta kuwi diarani jangkep informasine. Unsur-unsur 5W+1H kuwi mau kalebu dadi unsur-unsur sing baku tumrap teks pawarta. Unsur-unsur teks pawarta bakal kaandharake langkung jangkep ana ing andharan ing ngisor iki. a. Apa utawa What Perangan Iki ngrembug babagan apa sing dadi punjering pawarta utawa informasi apa sing arep dibiyawarakake lan diwartakake. Unsur iki uga ngandharake kedadeyan utawa prastawa apa sing dadi punjering pawarta sing ditulis. Bisa uga ngrembug bab perkara kang didadekake pawarta. b. Sapa utawa Who Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 9

Sapa ana ing kene ateges paraga-paraga kang nindakake prastawa. Paraga kang ana sambung rapete karo prastawa utawa kedadeyan sing didadekake pawarta. Unsur iki uga bisa ngandharake babagan sapa sing ngalami kedadeyan kaya sing diwartakake ana ing pawarta. c. Neng ngendi utawa Where Unsur iki biasane ngrembug babagan papan panggonan dumadine prastawa sing diwartakake. Papan panggonan iki kudu diandharake kanthi jangkep supaya para pamaca pawarta ngerti kanthi jangkep lan ora dadi seling-surupe pemanggihe para pamaca pawarta, amarga ana saperangan papan panggonan utawa daerah sing nduwe jeneng nanging panggonane beda. Dadi unsur papan panggonan iki kudu kaandharake kanthi jangkep, kalebu jeneng desa, jeneng kecamatan, jeneng kabupaten, yen bisa nganti jeneng provinsi. d. Kapan utawa When Unsur iki ngrembug bab wektu dumadine prastawa utawa kedadeyan kang ditulis ana sajroning pawarta. Wektu kedadeyan iki lumrahe ditulis nganggo dina, tanggal, sasi, lan taun dumadine prastawa utawa kedadeyan sing diwartakake ana sajroning pawarta. Ana ing perangan iki ngandharake ora mung babagan nalika kedadeyan, ananging uga bisa ngandharake babagan sadurunge lan sawise prastawa. e. Kena ngapa utawa Why Ngandharake babagan alesan utawa sebabe prastawa utawa kedadeyan kuwi dumadi. Amarga ora mokal saben prastawa utawa kedadeyan mesthi ana sebab sing njalari kedadeyan kuwi dumadi. Mula sebab lan alesan kedadeyan kuwi dumadi kudu kaandharake kanthi gamblang ana ing pawarta supaya informasi kang ditampa dening para warga masyarakat bisa jangkep. Tuladhane, ana tabrakan utawa kecelakaan neng ndalan kang disebabake sopir ngantuk. Dadi sebabe ananing tabrakan (kecelakaan) neng ndalan amarga sopire ngantuk lan ora bisa ngendhaleni kendharaane satemah ndadekake tabrakan (kecelakaan). Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 10

f. Kepriye utawa How Perangan iki ngandharake prastawa kanthi jangkep, wiwit saka runtutruntutaning prastawa utawa kedadeyan, panyebabe, nganti kepriye pungkasaning prastawa utawa kedadeyan sing dilapurake dadi sawijining pawarta. Jangkepe unsur kepriye utawa how ngandharake proses utawa lakuning prastawa sing diwartakake. Tuladhane menawa pawarta ngandharake babagan upacara Kirab Malem 1 Suro ana ing Kraton Surakarta, ana ing perangan iki bakal karembug babagan tata lakuning upacara, wiwit persiapan, wektu diadani upacara Kirab Malem 1 Suro nganti pungkasaning acara kang lumaku. Mangkono kaya kang wis diandharake unsur-unsur pambangun ana sajroning teks pawarta kang dumadi saka 6 aspek penting kang bisa dicekak dadi 5W+1H. Unsur 5W+1H kudu ana sajroning teks pawarta amarga unsur-unsur kasebut dadi punjering informasi ana ing sajroning pawarta. Menawa salah siji unsur kuwi ora ana ing pawarta, bisa ndadekake informasi ana sajroning pawarta ora jangkep, tundhane bisa ndadekake salah pemanggih utawa seling-surupe antarane wong siji lan sijine sing uga padha-padha maca pawarta. 5. Jinis-jinising Teks Pawarta Pawarta kuwi bakune digunakake kanggo menehi saperangan informasi sing wigati marang wong akeh. Informasi sing bakal dibiyawarakake utawa bakal diwartakake marang wong akeh kuwi maneka warna jinis lan maceme, bisa uga informasi sing bakal diwartakake kuwi beda antarane wong siji lan sijine. Mula carane ngandhakake utawa mbiyawarakake marang wong akeh uga kena nganggo cara sing beda. Ana ing bab iki bakal kaandharake babagan jinising pawarta miturut panemune para winasis kang uga diwenehi tuladha saka jinis-jinising pawarta. Jinis-jinising pawarta bisa katilik saka wujuding pawarta, carane anggone mbiyawarakake pawarta, lan isi sajroning pawarta. Ing ngisor iki bakal kababar siji mbaka siji saka jinising pawarta ing dhuwur. Jinising pawarta katitik saka wujuding pawarta kaperang dadi loro, yaiku pawarta lisan lan pawarta tulis. Umume pawarta sing lumrah ditemokake ana ing bebrayan Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 11

mung rong wujud iki, yaiku bisa awujud pawarta lisan kena uga awujud pawarta tulis. Andharane kaya mangekene: a. Pawarta lisan Pawarta lisan yaiku pawarta sing diwartakake dening wong marang sing miyarsa utawa sing nyemak lumantar swara. Lumrahe pawarta lisan kuwi dibabar ana ing siaran TV, Radio, lan internet. Dadi pawarta lisan iki diwacakake dening penyiar mawa lisan, sing kepengin ngerti kudu nyemak lan ngrungokake pawarta kang diwacakake dening penyiar. Pawarta lisan tuladhane kaya ana video ana ing ngisor iki Link video: https://www.youtube.com/watch?v=zf8agdlpuqc b. Pawarta tulis Pawarta tulis yaiku pawarta sing dibiyawarakake lumatar tulisan. Lumrahe jinis pawarta iki katemokake ing kalawarti, ariwarti, lan media massa liyane kang awujud cetak. Pawarta tulis ora perlu diwacakake dening penyiar. Sapa wae kang kepengin ngerti isine pawarta cukup maca isine pawarta kang katulis ana ing sajroning ariwarti utawa kalawarti. Bisa uga maca pawarta ing internet ana ing alamat web kang ngemot babagan pawart. Tuladhane detik.com, bacaberita.com, beritabola.com, lan sapituture. Dene tuladhane pawarta tulis kang ana ing internet bisa katonton ana ing link ngisor iki Link pawarta tulis: https://www.detik.com/tag/bahasa-jawa/ Jinising pawarta katilik saka carane anggone biyawarakake pawarta bisa kaperang dadi pawarta bentuk cetak, pawarta bentuk siaran, pawarta liwat internet, lan pawarta bentuk lisan. Andharan saka jinis-jinising pawarta ing dhuwur bakal kababar ana ing andharan ing ngisor iki: a. Pawarta Bentuk Cetak Pawarta bentuk cetak iki anggone mbiyawarakake sarana dicetak lan ditulis ana ing lembaran-lembaran kertas. Lumrahe pawarta bentuk cetak iki awujud kalawarti lan ariwarti kang ngemot pirang-pirang pawarta saka maneka warna pawarta ing pirang-pirang daerah sing beda-beda. Pawarta bentuk cetak iki saiki wis arang-arang bisa ditemokake, mergane akeh kalawarti lan ariwarti sing nerbitake pawarta nggunakake basa Indonesia lan ora nggunakake basa Jawa. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 12

Pawarta basa Jawa bisa ditemokake ana ing kalawarti Djokolodhang, Panjebar Semangat, Jaya Baya, Rubrik Jagad Jawa Solopos, lan sanes-sanesipun. b. Pawarta Bentuk Siaran Pawarta bentuk siaran iki dibiyawarakake kanthi lisan utawa diujarake langsung marang wong akeh lumantar media kanggo nyawisake pawarta. Media sing dimaksud, yaiku media sing bisa ngirim lan mancarake pawarta iku supaya bisa dijinggleng, disemak, lan dingerteni dening wong akeh. Lumrahe pawarta bentuk siaran iki dicawisake dening media televise lan radio, dadi wong sing kepengin ngerti lan nyemak pawartane kudu nduwe televisi lan radio banjur nonton lan nyemak siaran pawarta iku lumantar siaran lan chanel sing wis ditemtokake. Media sing biasane mbiyawarakake pawarta kang nggunakake basa Jawa yaiku berita bahasa Jawa TATV, berita bahasa Jawa JOGJA TV, berita bahasa Jawa Radio Persatuan, berita bahasa Jawa TV Semarang, Pojok Kampung JTV, lan sapiturute. c. Pawarta Lumantar Internet Pawarta jenis iki wis cetha, yaiku sawijining pawarta basa Jawa kang kacawisake lumantar media internet kang dumunung ana ing website utawa blog. Pawarta lumantar internet iki bisa awujud lisan utawa tulis. Sapa wae sing kepengin ngerti pawarta ana sajroning internet kudu nduwe koneksi utawa sambungan internet, banjur nuju marang website utawa blog sing nyawisake pawarta iku. Tuladhane situs sing nyawisake pawarta nggunakake basa Jawa antarane, pawarta bahasa Jawa, sesorah Jawa, kumpulan cerita bahasa Jawa, cerita wayang bahasa Jawa, lan sapanunggalane. d. Pawarta Bentuk Lisan Pawarta bentuk lisan iki, yaiku pawarta kang dibiyawarakake sarana lisan. Bedane karo pawarta bentuk siaran, yaiku pawarta bentuk lisan iki bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerti pawarta tumrap wong-wong sing diwenehi pawarta. Dadi pawarta bentuk lisan iki Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 13

ora perlu nggunakake media kanggo biyawarakake pawarta supaya dimangerteni dening wong akeh. Tuladhane, pawarta babagan kasedan sing dibiyawarakake banyu mili antarane tangga siji lan liya-liyane. Bisa uga pawarta sing dikandhakake dening anak marang bapake utawa suwalike. Jinising pawarta sabanjure katilik saka isining pawarta utawa informasi sing diwartakake ana sajroning teks pawarta. Menawa katilik saka isining pawarta, teks pawarta bisa kaperang dadi 12, yaiku: pawarta langsung, pawarta opini, pawarta interpretatif, pawarta mendalam, pawarta penjelasan, pawarta penyelidikan, pawarta singkat, pawarta basi, pawarta apus-apus, pawarta foto, pawarta kilat, lan pawarta pambuka halaman (opening news). Andharan saka pirang-pirang jinis pawarta kaya mau bisa ditiliki ana ing andharan ngisor iki: a. Pawarta Langsung utawa straight news Pawarta langsung yaiku jinising pawarta utawa palapuran sawijining prastawa utawa kadadeyan sing ditulis singkat, padat, lugas, lan apa eneke manut aturan panulisane pawarta. Pawarta langsung iki ditulis kanthi nggunakake gaya sing ngandharake prastawa kuwi apa aneke, ora ditambahi andharan-andharan sing sekirane ora perlu, apa maneh mung panemu lan pangirane saka wartawan. Pawarta langsung iki isih bisa kaperang maneh dadi rong jinis, yaiku 1) Hardnews Pawarta anget sing nduwe nilai luwih, nduwe kuwalitas, lan biasane ngandharake babagan prastawa sing paling anyar lan lagi wae dumadi. Pawarta iki sifate penting banget dadi kudu enggal dibiyawarakake lan dimangerteni dening wong akeh. Lumrahe pawarta iki isine babagan warta sing khusus utawa ngenani babagan prastawa sing lagi wae dumadi lan sifate dumakan utawa ora dinyana-nyana. 2) Softnews Softnews iki kena uga diarani pawarta sing ringan lan sifate mung kanggo nyengkuyung pawarta-pawarta liyane. Pawarta iki, nilai lan pentinge ana ing sangisore hardnews. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 14

b. Pawarta Opini Pawarta opini (opinion news) yaiku jinising pawarta sing nggunakake panemu, andharan (pernyataan), argumentasi, lan gagasan saka sawijining pawongan sing dianggep nduwe kawasisan ana ing babagan tartamu, kayata para winasis, sarjana, ahli utawa pakar ing babagan tartamtu. Pawarta opini kena uga kajipuk saka pemanggihe pawongan sing wis kerep mrangguli sawijining prastawa utawa kedadeyan, kayata juru kunci lan warga masyarakat sakiwa tengenge papan panggonan prastawa. c. Pawarta Interpretatif Pawarta interpretatf (Interpretative news) yaiku jinising pawarta sing dikembangake saka komentar lan penilaian wartawan utawa narasumber sing nduwe kawasisan babagan warta sing diwartakake sadurunge, saingga pawarta iki gabungan antarane fakta lan interpretasi utawa pendapat saka ahli tartamtu. Pawarta iki gunane kanggo njangkepi pawarta sadurunge sing dirasa kurang jelas utawa kurang jangkep teges lan maksude. Dadi pawarta iki minangka panjelas saka pawarta sadurunge. d. Pawarta Mendalam Pawarta mendalam (depth news) yaiku jinising pawarta sing dikembangake saka pawarta sing wis ana nanging durung dirembug kanthi jangkep lan detail. Pawarta mendalam iki biasane asale saka pawarta sing isih durung rampung anggone ngandharake lan bisa diterusake maneh. Pendalaman iki bisa dilakoni kanthi nggoleki informasi tambahan saka saperangan narasumber, referensi, utawa saka pawarta liyane sing isih ana gayutane karo babagan sing dirembug. e. Pawarta Penyelidikan Pawarta penyelidikan (investigative news), yaiku pawarta sing dikembangake adhedhasar asil panalitien utawa penyelidikan saka saperangan sumber informasi. Pawarta iki diarani pawarta penyelidikan amarga wartawan anggone nulis Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 15

pawarta iki sarana nggoleki informasi saka saperangan pihak, malah kepara nganti nganakake penyelidikan ing lapangan utawa papan panggonan dumadine prastawa sing didadekake pawarta. Pawarta penyelidikan iki lumrahe diwiwiti kanthi data mentah utawa pawarta singkat. Pawarta penyelidikan iki lumrahe uga dibiyawarakake kanthi format tulisan feature. f. Pawarta Singkat Pawarta singkat (spot news), yaiku jinising pawarta utawa palapuran sawijining prastawa sing lagi wae dumadi kanthi langsung utawa siaran langsung. Dadi pawarta singkat iki lumrahe wartawan teka langsung ana ing papan kadadeyan utawa prastawa sing lagi wae dumadi. Tuladhane, pawarta ngenani babagan upacara Sekaten ana ing Kraton Ngayogjakarta. Dadi wartawan teka langsung ana ing papan panggonan kang digunakake kanggo upacaya Sekaten ana ing Kraton Ngayogjakarta, lan nganakake palapuran langsung srana siaran langsung. Pawarta singkat iki lumrahe dibiyawarakake ana ing siaran TV lan radio. g. Pawarta Basi Pawarta basi, yaiku jinising pawarta sing wis ora anget lan ora anyar maneh. Dadi pawarta iki nglapurake babagan kadadeyan lan prastawa sing wis dumadi pirang wektu kepungkur. Pawarta basi iki lumrahe ora disenening dening para warga amarga prastawa lan informasine wis ora anyar maneh. h. Pawarta Apus-apus Ana ing wektu saiki, pawarta apus-apus asring diarani pawarta hoaks utawa ujaran kebohongan. Dadi pawarta apus-apus iki ngandharake informasi utawa kadadeyan sing ora bener-bener dumadi, mung rekadaya lan apus-apus. Pawarta apus-apus iki lumrahe nduwe tujuwan kanggo ngece sawijining pawongan, ngedhunake pamor, kepentingan politik, lan liyan-liyane. i. Pawarta Foto Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 16

Pawarta foto iki kalebu salah sawijining pawarta sing dibiyawarakake awujud foto lepas, utawa ora ana gegayutane karo tulisan sakiwa-tengene. Pawarta awujud foto iki biasane biyawarakake babagan kadadeyan-kadadeyan sing ora lumrah lan ngedab-ngedabi. Dadi kanthi srana nyawang foto kuwi para warga wis mangerteni apa isine pawarta tanpa perlu ditambahi nganggo andharan tulisan. j. Pawarta Kilat Pawarta kilat iki uga asring diarani news flash. Pawarta kilat iki salah sawijining pawarta sing duweni sifat penting banget lan kudu enggal dimangerteni dening wong akeh. Lumrahe pawarta kilat iki kamot ana ing halaman ngarep sajroning ariwarti utawa kalawarti. k. Pawarta Pambuka Halaman Pawarta pambuka halaman (opening news), yaiku jinising pawarta sing dipanggonake ana ing bagian ngarep utawa bagian paling dhuwur halaman ana sajroning ariwarti lan kalawarti. Pawarta iki lumrahe ngrembag babagan informasi utawa prastawa sing narik kawigaten lan penting banget tumrape wong akeh. Dadi pawarta iki uga bisa dadi salah sawijining pawarta kang bisa narik kawigatene para warga supaya gelem maca. 6. Teknik Maca Teks Pawarta Maca minangksa salah sawijining kaprigelan basa sing disinaoni ana ing piwulangan basa Jawa. Kagiyatan maca pawarta kuwi ora mung kaya kagiyatan maca lumrahe sing informasine kanggo awake dhewe. Kagiyatan maca pawarta, yaiku ngandharake informasi utawa warta supaya bisa dimagerteni dening wong akeh sing lagi nyemak utawa ngrungokake pawarta. Mula ana ing kagiyatan maca teks pawarta kuwi dibutuhake teknik sing bener ing antarane nggunakake intonasi, lafal, lan sikap sing bener. Naskah utawa teks pawarta sing diandharake lumantar radio utawa tivi kuwi beda karo naskah pawarta sing kacetak ana ing ariwarti utawa kalawarti. Titikan gampange, pawarta kang bakal diandharake sajroning siaran TV utawa Radio kuwi Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 17

nggunakake ukara ora langsung lan luwih cekak aos amarga wektu kanggo macakake ora suwe. Maca pawarta kuwi kalebu jinising kaprigelan maca, yaiku maca nyaring utawa maca nganggo swara sing sora lan cetha. Ancase kanggo menehi pakabaran, informasi, lan warta marang wong sing ngrungokake pawarta. Mula pawongan sing maca pawarta kuwi becike duweni kaprigelan lan mangerteni babagan teknik maca pawarta, utamane maca pawarta ing siaran TV. Perangan utawa aspek kang kudu digatekake rikala maca pawarta antarane kudu nggatekake babagan, lafal utawa pocapan, intonasi utawa lagu ukara, kawijangan pocapan, pandelelnge mripat, lan sikap maca pawarta. Andharan saka babagan kang digatekake rikala maca teks pawarta bisa kawaos ana ing andharan ngisor iki. a. Pocapan utawa lafal Pocapan yaiku carane pawongan anggone ngucapake unining basa. Rikala macakake pawarta kita kudu nggatekake carane ngucapake aksara mbaka aksara supaya ora ndadekake lira-liruning makna ukara. Utamane kudu cetha ngucapake endi kang kalebu konsonan utawa vokal. Lumrahe sing kerep ndadekake kaluputan, yaiku rikala ngucapake vokal /ê, è, lan é/, mbedakake antarane vokal /a/ lan /o/, utawa vokal /i/ lan /e/. Ana ing aksara konsonan kang asring kleru, yaiku rikala maca konsonan /d, dha, t, lan tha/. Iku kang perlu digatekake rikala maca pawarta nganggo basa Jawa. Saliyane kuwi, rikala maca pawarta kang ana istilah asing, pangucapane kudu bener lan aja kagawa nganggo logat daerah. Malah yen perlu, sadurunge maca pawarta, penyiar mbukak kamus kanggo mangerteni kepriye carane macakake tembung utawa istilah saka basa asing iku. b. Lagu ukara utawa intonasi Lagu ukara utawa intonasi magepokan karo munggah-mudhune swara rikala macakake pawarta. Beda intonasi nyebabake beda makna ana sajroning ukara. Intonasi rikala macakake ukara pawarta, ukara pitakon, lan ukara printah uga beda. Teknik rikala macakake telung ukara mau bisa disemak ana andharan ing ngisor iki. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 18

1) Ukara pawarta, anggone maca nggunakake intonasi sing mudhun ana ing pungkasaning ukara. 2) Ukara pitakon, anggone maca nggunakake intonasi sing padha ana ing pungkasaning ukara. 3) Ukara printah, anggone maca nggunakake intonasi munggah ana kabeh peranganing ukara. Lagu ukara utawa intonasi uga nduwe kagunan kanggo medharake rasa pangrasa kang dirasakake dening panyiar. Tuladhane, ekspresi munggah utawa menanjak kanggo medharake rasa seneng, lan intonasi mudhun kanggo medharake rasa sing tenang. c. Kawijangan Pocapan Kawijanga pocapan gegayutan karo banter-lirihe swara lan cepet-alone rikala macakake teks pawarta. Rikala maca pawarta kudu nggunakake swara sing banter, nanging ora cukup banter tapi ya kudu cetha supaya isining pawarta bisa dirungokake dening panyemak pawarta. Rikala maca pawarta uga ora perlu cepetcepet, nanging sing sareh supaya gampang dimangerteni dening panyemak lan pamireng pawarta. d. Pandelenge Mripat Pandeleng mripat iki digunakake kanggo luwih ngraketake lan njalin komunikasi antarane penyiar marang para sing nyemak pawarta. Cara iki uga bisa kanggo mangerteni sikape para panyemak pawarta, ngreken apa marang pawarta sing diwacakake dening penyiar. Pandeleng mripat penyiar pawarta uga bisa menehi kesan marang sing ngrungokake pawarta. 1) Penyiar sing wani ndeleng mripat marang pamiyarsa nandhakake menawa dheweke nduwe sikap sing walaka, ngomong apa eneke utawa jujur, paham lan nguwasani materi kang lagi diwacakake utawa duweni rasa percaya diri sing dhuwur. 2) Penyiar sing kerep ngindhar lan ora wani ndeleng netrane para pamiyarsa nandhakake menawa dheweke lagi ndhelikake bab tartamtu utawa lagi Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 19

ngomongake pawarta sing ora dumadi tenanan (apus-apus), kurang mangerteni materi pawarta sing diwacakake, lan ora duweni rasa percaya diri sing dhuwur. e. Sikap Awak rikala Maca Pawarta Sikap awake penyiar rikala macakake pawarta uga nduwe daya pangaribawan (pengaruh) marang para panyemak pawarta. Sikap awak sing kaku bisa ndadekake sing nyemak pawarta dadi jeleh lan bosen. Dene, sikap awak sing ketok keluwesen utawa kakean ngobahake perangane awak bisa nuwuhake kesan sing ora apik. Becike rikala maca pawarta lungguh sing kepenak, ora pati jejeg tur ya ora pati mbungkuk, lan aja nganti ndegeg supaya ora ketara kemaki. Wacanen pawarta kanthi serius, ning tetep santai. Kanthi sikap sing kaya mangkono ancase supaya para sing nyemak pawarta duweni kawigaten kanggo nggatekake pawarta sing diwacakake. Kanthi sikap sing luwes rikala macakake pawarta uga ora ndadekake penyiar pawarta krasa kesel lan duweni beban. Rikala macakake pawarta ana sajroning siaran TV para penyiar pawarta uga kudu nggatekake babagan ing ngisor iki. a. Nuduhake penampilan sing wajar, rapi, lan resik. Ora perlu kakehan anggone nganggo make up lan dandan salumrahe wae. Menawa penyiare lanang, rambute becike kudu ditata lan dijungkati. b. Nuduhake sikap sing kalem, ora gugup, ora grusa-grusu, lan maca teks pawarta kanthi rasa percaya diri sing dhuwur. c. Ora kerep ngobahake tangan, sirah, lan perangan salira liyane. d. Pandelenge mripat ora kepancang marang naskah pawarta sing diwaca, kadhang kala uga ndeleng marang kamera lan sing nyemak pawarta. e. Ekspresi wajah kudu wajar. Ora nuduhake ekspresi kaya wong lagi wedi rikala macakake pawarta sing ngrembug babagan kang nggegirisi. Ora perlu ngguyu lakak-lakak rikala maca pawarta isine nyenengake lan gawe guyu. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 20

Maca pawarta ana sajroning siaran TV utawa radio lumrahe nganggo naskah pawarta. Becike naskah pawarta diwaca lan disinaoni sadurunge maca pawarta supaya rikala macakake pawarta bisa lancar lan ora kapedhot-pedhot. Saliyane kuwi supaya luwih nggampangake anggone maca pawarta, sajroning teks pawarta diwenehi tandha pamacaning pawarta. Tandha pamacaning teks pawarta iki uga bisa digunakake kanggo ngatur kapan penyiar bisa unjal napas rikala macakake pawarta ana ing ngarep siaran TV lan radio. Tandha pamacaning teks pawarta kang lumrah digunakake rikala maca pawarta antara liya: Tabel 1. Tandha lan katerangan pamacaning teks pawarta Tandha Katrangan / = Mandheg sedhela // = Mandheg = Duweni penekanan ana tembung sing wigati = Intonasi munggah = Intonasi datar/padha = Intonasi mudhun Coba dakaturi nggatekake tuladha teks pawarta ing ngisor iki!!!. Mahasiswa Ngacungi Kertu Kuning Presidhen Jokowi Ketua Badan Eksekutif Mahasiswa Universitas Indonesia Zaadit Taqwa ngacungake kertu kuning marang Presidhen Joko Widodo sarampunge sesorah ing acara Dies Natalis ka-68 kampus kasebut, Jumuwah (2/2). Nalika presidhen mundhun saka mimbar, dumadakan saka balkon undhangan keprungu swara sempritan ngganter Zaadit, kang nyebul sempritan iku, nuli ngacungake buku werna kuning sing ditegesi minangka kertu kuning. Unjuk rasane Zaadit ora suwe awit dheweke terus disurungsurung Paspampres metu. Sok ngonowa Zaadit tetep ngacungake kartu kuning mau nadyan dipepet Paspampres. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 21

Miturut Zaadit, kertu kuning marang presidhen iku minanga simbul protes marang maneka kahanan kang tumempuh Indonesia. Prekara sing paling diprotes Zaadit yakuwi wabah campak lan kurang gizi kang dialami bocah-bocah ing Kabupaten Asmat. Manut dheweke bencana mau ora semesthine kedadeyan awit Papua wis entuk dhuwit otonomi khusus kang gedhene Rp 11 triliun. Nanggepi protese mahasiswa kasebut Jokowi ngandharake manawa masalah-masalah sing kedadeyan ing Papua akeh lan abot. Presidhen nelakake nedya ngajak Zaadit menyang Asmat supaya nyumurupi dhewe swasana ing kana. (Sumber: Panjebar Semangat, No. 6 10 Februari 2018) Kanggo luwih ngasah kaprigelanmu babagan maca teks pawarta, coba tuladha pawarta ing dhuwur kuwi tulisen ulang nganggo tandha pamacaning teks pawarta banjur wacanen ana ing ngomah manut teori lan ancer-ancer sing wis koksianoni ana ing teori teknik maca teks pawarta. 7. Teknik Penilaian Maca Teks Pawarta Ana ing sajroning maca teks pawarta kudu nganggo teknik maca sing bener lan nggatekake babagan kang wigati rikala maca teks pawarta. Kaya wis kaandharake ana ing andharan sadurunge, rikala maca pawarta kudu nggatekake babagan pocapan, lagu ukara, kawijangan pocapan, pandelenging mripat, lan sikap nalika macakake pawarta. Anggone mangerteni kepriye kaprigelan lan kawasisan maca teks pawarta, kita mbutuhake wong liya kanggo nyemak lan mbiji kepriye anggone maca teks pawarta. Mula ana ing kalodhangan iki bakal kaandharake kepriye tatacara utawa teknik penilaian praktek maca teks pawarta supaya antarane siji lan sijine bisa gilir-gumanti ngukur kawasisan lan kaprigelane kancane anggone maca teks pawarta. Bab kapisan kang kudu digatekake rikala arep ngadani kagiyatan penilaian utawa praktek maca teks pawarta, yaiku kudu nemtokake teks pawarta kang bakal kagunakake ana ing kagiyatan maca teks pawarta. Teks pawarta kang digunakake ora perlu nggunakake teks pawarta sing dawa, cukup nganggo teks pawarta sing cekak lan gampang dimangerteni. Teks pawarta kang kapilih becike duweni tingkat angel sing sedhengan, yaiku ora pati angel lan ora pati gampang. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 22

Sawise nemtokake teks pawarta kang bakal digunakake ana ing praktek maca teks pawarta, becike teks pawarta mau difotokopi cacahe pasarta sing arep melu kagiyatan maca teks pawarta. Menawa ana ing pamulangan, cacahe teks pawarta bisa difotokopi manut cacahe para siswa. Menawa saben siswa utawa saben pasarta wis nampa teks pawarta, banjur dikon maca lan dikon nyianoni teks pawarta kasebut. Disinaoni iki amrihe supaya gamblang babagan materi lan ukara-ukara ana ing sajroning pawarta. Aja lali menehi tandha pamacaning pawarta ana saben teks pawarta kareben nggampangake rikala maca teks pawarta. Sabanjure kanggo menehi biji saka kagiyatan maca teks pawarta, becike nggawe ancer-ancer pambiji (penilaian) utawa rubrik penilaian. Ancer-ancer pambiji iki isine babagan apa wae kang dibiji ana ing kagiyatan praktek maca teks pawarta lan pira cacahe biji sing bakal diwenehake, lumrahe biji utawa nilai sing digunakake bisa antarane 1-10, bisa uga antarane 1-100. Kagiyatan maca teks pawarta anggone mbiji kudu gawe ancer-ancer penilaian. Ancer-ancer penilaian iki digunakake kanggo lelandhesan mbiji praktek maca teks pawarta. Rubrik penilaian iki uga kanggo nggampangake mangerteni sepira kaprigelan lan kawasisane para siswa utawa para pasarta anggone maca teks pawarta lan bisa ngurangi unsur subjektivitas ana ing kagiyatan mbiji utawa nilai praktek maca teks pawarta. Rubrik penilaian bisa digawe nganggo tabel kang isine maneka bab wigati kang bakal digatekake ana ing kagiyatan maca teks pawarta. Tuladha rubrik penilaian kanggo mbiji kagiyatan maca teks pawarta bisa katilik ana ing ngisor iki. Tabel 2. Rubrik Penilaian Kagiayatan Maca Teks Pawarta No Jeneng Pasarta Pocapan Lagu ukara Sikap Gunggunge Biji 1 Siswa 1 2 Siswa 2 3 Siswa 3 4 Siswa 4 5 Siswa 5 Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 23

Sawise gawe reng-rengan rubrik penilaian kaya mangokono, banjur saben aspek sing bakal dibiji diwenehi katrangan babagan cacahing biji lan deskripsi saben cacahing biji. Tuladhane: Cacahing biji saben aspek ing dhuwur antarane 1-5. Katrangan ana ing aspek pocapan, yaiku: Biji 5: yen pocapan ana ing teks pawarta diwaca kanthi bener lan ora ana sing kleru. Biji 4: yen siswa wis bisa maca teks pawarta kanthi pocapan sing bener, nanging isih ana salahe cacahe ora nganti 5 aksara. Biji 3: yen siswa wis bisa maca teks pawarta kanthi pocapan sing wis bener, nanging isih cacahe salah luwih saka 5, nanging ora nganti 10. Biji 2: yen anggone maca pawarta pocapane ora pati bener lan akeh sing salah, cacahe salah luwih saka 10 pocapan. Biji 1: menawa anggone maca pawarta, pocapane akeh sing urung bener. Cacahe salah meh 80% saka teks pawarta sing diwaca. 8. Teknik Nulis Teks Pawarta Ana ing kalodhangan iki para siswa bakal katuntun supaya bisa mangerteni teknik kang kagunakake kanggo nulis teks pawarta. Pawarta kalebu salah sawijining teks basa Jawa kang duweni struktur utawa kaidah panulisan sing baku mula saka kuwi dibutuhake teknik kang trep kanggo nulis lan nyusun sawijining pawarta. Kagiyatan nulis kaya kang kaandharake dening Andriyani, Gunatama, lan Astika (2017: 1), yaiku sawijining kagiyatan kang bisa ngasilake karya lan produk wujude tulisan. Banjur ana panemune Juni (2015: 29), nulis kuwi minangka usaha kanggo medharake ide, pikiran, rasa pangrasa, gagasan, lan kekarepan kanthi sarana basa tulis. Tarigan (1994: 34) ngandharake menawa nulis mono salah sawijiing proses nyusun, nyathet, lan ngandharake makna ana ing tataran gandha, sipate interaktif, lan diarahke kanggo nggayuh sawijining gegeyuhan tartamtu kanthi nggunakake sistem tandha konvensional kang bisa ditonton lan diwaca. Teknik kang kagunakake kanggo nulis pawarta miturute para ahli ana maneka warna. Kaya miturut Sumardiria (2005: 117: 121) teknik panulisan pawarta kuwi kaperang dadi 3, kapisan, pola panulisan kanthi cara piramida terbalik. Rikala nulis Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 24

pawarta, wartawan utawa jurnalis ora kena nglebokake urusan kang asipat pribadi ana sajroning teks pawarta kang ditulis, diwacakake, lan disiarake. Amarga cacahe wartawan lan reporter kang winates, mula kudu nggoleki cara sing paling gampang lan prasaja kanggo nglaporake lan nulis fakta-fakta kasebut. Salah sijine cara, yaiku nggunakake teknik piramida terbalik kanggo nglapurake pawarta kanthi cara deduktif, yaiku ngandharake dudutan pawarta ana ing paragraf kapisan, banjur disusul kanthi andharan-andharan kang bisa nyengkuyung anane dudutan utawa ukara lajer ana ing paragraf kapisan. Pola panulisan piramida terbalik menawa digambarake kaya gambar ing ngisor iki Gambar 1. Piramida Terbalik Panulisaning Pawarta Kaping pindho, teknik kang bisa kagunakake kanggo nulis pawarta yaiku nggunakake rumus 5W+1H, yaiku pawarta ditulis jangkep ngandhut unsur 5W+1H supaya informasi kang kamot ana ing pawarta bisa jangkep, akurat, lan bisa njangkepi standar teknik jurnalistik. Tegese pawarta iku gampang disusun ana ing pola sing uwis baku lan gampang dimangerteni isine marang sing para maca, ngrungokake, lan nyemak pawarta. Ana saben prastawa kang dilapurake, kudu ngemot enem unsur mau, yaiku what (apa), who (sapa), where (neng ngendi), when (kapan), why (kena ngapa), lan how (kepriye). Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 25

Katelu, pedoman panulisan pawarta nganggo teras berita. Ana ing cengkorongan teks pawarta, puncak piramida ana Judul (headline), disusul dening baris tanggal (dateline), banjur teras berita (lead), perangkat (bridge), tubuh (body), lan kaki berita (leg). Miturut teori jurnalistik, judul kudu bisa nggambarake pokoking pawarta kaya sing kamot ana ing teras pawarta. Judul sing apik iku kudu kajipun saka teras pawarta lan ora kena saka tubuh utawa kaki berita. 9. Trap-Trapaning Nyusun Teks Pawarta Sawise mangerteni babagan teknik panulisane teks pawarta, saiki panjenengan kabeh bakal dakajak mangerteni trap-trapan kang bisa dilaksanakake rikala nyusun teks pawarta. Trap-trapan kasebut antarane, yaiku. a. Nemtokake Prastawa utawa Kedadean kang Bakal Didadekake Pawarta Kaya sing wis kaandharake ana ing andharan sadurunge, ora kabeh prastawa kuwi bisa didadekake pawarta. Ana syarat-syarat kang kudu dipepaki supaya prastawa kasebut bisa didadekake pawarta. Ing antarane: aktual, narik kawigaten, awujud fakta, awujud kadadean kang ngedab-edabi, utawa prastawa kang wigati lan ana gegayutane karo kapentingane wong akeh. b. Nggoleki Sumbering Pawarta Sawise kasil nemtokake kadadean apa kang bakal kaangkat lan katulis dadi pawarta, banjur nggoleki sumber informasi sing bener, supaya pawarta kang katulis bisa akurat. Tuladhane, menawa arep nulis babagan kadadean kacilakaan, mula reporter kudu teka ana ing papan kacilakaan lan golek informasi saka pawongan sing ana ing sakiwa tengene lokasi kacilakaan, sing nyumurupi bab kepriye kadadeane kok bisa dadi kacilakaan. c. Wawancara, observasi, lan dokumentasi Kaya kang wis dicontokake ana ing dhuwur, kanggo nggoleki fakta lan informasi babagan prastawa kang bakal katulis dadi pawarta, mula perlu dianakake wawancara lan observasi marang papan panggonan dumadine prastawa. Sokur-sokur bisa njupuk dokumentasi awujud foto utawa video. Wawancara diadani kanthi aweh pitakonan marang narasumber utawa pawongan kang kaanggep bisa menehi informasi. Observasi dilakoni kanthi nonton, nyathet, Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 26

lan ngamati kedadeyan-kedadeyan ana ing papan dumadining prastawa. Banjur, dokumentasi kuwi dilakoni kanthi nggoleki data kang sumbere bisa saka buku, majalah, arsip, utawa foto lan video ana ing lokasi dumadining prastawa. d. Nyathet Bab-bab kang Wigati Ana ing sajroning proses golek informasi, wartawan perlu nyathet bab kang ana gegayutane karo prastawa kang bakal katulis dadi pawarta. Lelandhesan kang bisa digunakake kanggo dhasar nyathet informasi sajroning prastawa, yaiku kanthi njawab pitakonan 5W+1H. e. Gawe Cengkorongan Pawarta Cengkorongan pawarta minangka gambaran awal kaya ngapa informasi kang wis dikumpulake bakal digawe dadi sawijining palapuran. Pawarta kuwi sejatine dumadi saka 3 unsur baku, yaiku judul, teras, lan kejelasan pawarta. Model teks pawarta bisa awujud pawarta langsung kang ngandharake unsur 5W+1H ana ing paragraf ngarep; uga bisa awujud pawarta ora langsung kang ngandharake unsur 5W+1H ana ing tengah lan pungkasaning paragraf. f. Nulis Teras Pawarta Teras pawarta minangka alinea kapisan ana sajroning pawarta. Teras pawarta becike ringkes (ora luwih saka 35 tembung), lan becike diwiwiti kanthi unsur who (sapa) lan what (apa). Anggone nulis ukara lajer uga kudu manut kaidah tatabasa lan paramasastra Jawa kang awujud JWLS (Jejer, Wasesa, Lesan, Katrangan). Menawa nglapurake prastawa kang lagi wae arep dumadi, unsur wektu lan papan panggonan lumrahe dipapanake ana ing pungkasan paragraf. Menawa bisa aja nggunakake kutipan lan pitakonan ana ing teras pawarta. g. Nulis Isining Pawarta Rikala nulis isining pawarta, informasi kang kababar kudu jangkep lan detail. Isi pawarta lumrahe ditulis sabubare teras berita. Rikala nulis isi pawarta becike kasusun kanthi paragraf-paragraf cekak kang isine dumadi saka 3 nganti 5 ukara. Menawa bisa saparagraf mung ngrembug sapokok gagasan. h. Panyuntingan Pawarta Sawise rampung anggone nulis isining pawarta, aja lali disunting lan dikoreksi maneh. Kagiyatan panyuntingan teks pawarta iki kanggo ngurangi kaluputan- Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 27