Lampu kang kanggo madhangi kelir layar lan wayang yaiku

Katulis dening Mrs Maya

Lampu kang kanggo madhangi kelir layar lan wayang yaiku

Kanggo pelajaran Basa Jawa Kelas 5

KAWRUH BAB PIRANTI ING PAGELARAN WAYANG Akeh sing durung weuh, piranti apa bae kang digunakake ing pagelaran wayang kulit. Piranti kang digunakak eing antarane, yaiku: 1. Wayang kulit, yaiku wayang kang digawe saka kulit.Wayang kulit lumrahe digawe saka kulit sapi. 2. Kelir, yaiku layar amba biasane saka kain mori utawa kain putih kang didadekake geber. 3. Blencong, yaiku lampu utawa pepadhang kang madangi kelir. 4. Gedebog, yaiku gunane kanggo nancepake wayang.

5. Cempala, yaiku  bunderan kanthi cekelan tangan kang digawe saka kayu., dithuthukake ing kothak wayang dening dalang. Gunane kanggo menehi pratandha utawa ada-ada marang niyaga utawa panabuh gamelan lan waranggana.

6. Keprak, yaitu wujud wilahan tipis saka wesi, perunggu, utawa tembaga kang cacahe 3-4lapis ditata lan digantung ing kothak wayang.

7. Kothak wayang, yaiku kothak kayu ksnggo wadhahe wayang.

8. Gamelan,yaiku saprangkat piranti musik Jawa kanggo ngiringi pagelaran wayang.

PARAGA ING PAGELARAN WAYANG

1. Dalang,yaiku wong kang mimpin pagelaran lan nyritakake wayang.

2. Pengrawit/Niyaga/ Wirapradangga, yaiku pawongan sing pagaweyane nembang gendhing-gendhing ing pagelaran wayang.

3. Sindhen/swarawati/waranggana, yaiku wong kang nabuh gamwlan kanggo ngiringi pagelaran wayang.

UNSUR INTRINSIK TEKS CRITA WAYANG

1.  Tema, yaiku panemon kang dhedhasari crita (idhe dhasar).

2. Paraga, yaiku tokoh ing pawayangan.

3. Setting utawa latar, yaiku katrangan panggonan, swasana, lan wektu ing crita.

4. Sudut pandang,yaiku carane pangripta crita manggonke awake neng ngendi dheweke ing crita kuwi.

5. Amanat iku pesen moral kang bisa kapethik pamacalumantar isi crita.

Video Pembelajaran: https://www.youtube.com/watch?v=zQBN7qAk_dw

Sumber:

Buku Tantri Basa Kelas 5
Modul Piwulang Bahasa Jawa

WORKSHEET 1. Kerjakna ing kertas HVS utawa buku tugas!


Mendatar

3.

layar amba biyasane saka kain mori utawa kain putih kang didadekake geber

4.

pawongan sing pagaweyane nembang gendhing-gendhing ing pagelaran wayang

6.

wujud wilahan tipis saka wesi, perunggu, utawa tembaga kang cacahe 3-4 lapis gunane meh padha karo cempala

11.

kothak kayu kanggo wadahe wayang

12.

tokoh ing pawayangan

15.

wong kang nabuh gamelan kanggo ngiringi pagelaran wayang

16.

saprangkat piranti musik Jawa kanggo ngiringi pagelaran wayang

17.

lampu utawa pepadhang kang madhangi kelir

Menurun

1.

kanggo nancepake wayang

2.

kang diarani Sang Hyang Ismaya

4.

carane pangripta crita manggonke awake neng ngendi dheweke ing crita kuwi

5.

wong kang mimpin pagelaran lan nyritakake wayang

7.

katrangan panggon, swasana, lan wektu ing crita

8.

pesen moral kang bisa kapethik pamaca lumantar isi crita

9.

wayang kang digawe saka kulit

10.

bunderan kanthi cekelan tangan kang digawe saka kayu kang dithuthukake ing kothak wayang

13.

panemon kang dhedhasari crita (idhe dhasar)

14.

bebadan ing PBB kang ngakoni wayang minangka kabudayan luhur warisan donya saka Indonesia