Tulisen pitutur luhur kang bisa kapethik saka tembang Dhandhanggula pada 3

  • Serat Tripama anggitane swargi : Kngjeng Gusti Pangeran Adipati Arya ( KGPAA ) Mangkunegara IV
  • Wondene (sedangkan) Serat Tripama iku wujude mung tipis banget, mung saka sapupuh yaiku Dhandhanggula lan dumadi saka 7 pada ( Katrangan : Pupuh yaiku rangkaian tembang kang padha nganti pirang-pirang pada / bait )
  • Tembang Dhandhanggula kalebu tembang macapat amarga nduweni paugeran / aturan yaiku kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
  • Sasmita tembang Dhandhanggula : Sarkara, manis, madu, (h)artati, dhandhang, guladrawa, lsp ( Katrangan : Sasmita tembang yaiku unen-unen / tetembungan sing kanggo menehi tandha utawa pralambang jenenge tembang )
  • Watak tembang Dhandhanggula : luwes, supel, manis, resep ( seneng ), nyenengake
  • Tegese ( arti ) Tembang Dhandhanggula : tembang kang nggambarake manungsa kang lagi ngrasakake nikmating urip, bebasan legining gula, nggambarake umur kang wis diwasa, wiwit bisa ngatur kabutuhane urip, lan seneng nyambut gawe bebarengan
  • Isi Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula yaiku pepeling kang diandharake lumantar pralambang lakon pewayangan minangka tuladha ( Katrangan : Ana 3 lakon sing dadi tuladha yaiku Bambang Sumantri / Patih Suwanda saka Epos Arjuna Sasrabahu, Kumbakarna saka Epos Ramayana, lan Adipati Karna / Basukarna/ Suryaputra saka Epos Mahabharata )
  • Intine, Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula isine yaiku : Pepeling supaya para prajurit prayogane niru sipat ksatria, lelabuhan / pangurbanan marang nagara.

1. Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antepi,

nuhoni trah utama.

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.

2. Lire lalabuhan tri prakawis, guna bisa saneskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)

3. Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagari Ngalengka, sang Kumbakarna namane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)

4. Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi,

punagi mati ngrana.

(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)

5. Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra Narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati,

ngalaga ing Korawa.

(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)

6. Minungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males-sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing,

sumbaga wirotama.

(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).

7. Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lalabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi,

marsudi ing kotaman.

(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)

Tegese tembung : yogyanira = becike, sebaiknya. prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara. kadya = lir, pindha, kaya, seperti. nguni = jaman biyen, dahulu kala. andelira = andel-andele , andalan. lelabuhanipun = jasane, jasa. ginelung = diringkes, dipadukan. guna = kapinteran, kepandaian. kaya = bandha donya, kekayaan. purun = wani, gelem, keberanian. nuhoni = netepi, menepati. trah = turun, tedhak, keturunan utama = becik, apik, terbaik. lir = kaya, teges, makna, arti. saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang. karya = gawe, kardi, pekerjaan. binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan. sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya. duk = nalika, ketika. dhomas = 800. samas = 400. tetela = cetha, terang, jelas. aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu. ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa. ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang. suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian. darbe = duwe, mempunyai. raka = kakang, kakak. raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera. de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena. wanara = kethek, kapi, rewanda, kera. kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah. mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga. sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia. lenggana = nolak, mbantah, menolak. datan = tan, ora, tidak. labuh = berjuang. yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu. myang = lan, dan arsa = arep, ayun, apti, akan. punagi = sumpah. palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh. narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja. kadang = sedulur, saudara. suwita = ngabdi, menghamba. kinarya = karya + in = digawe, dipakai. agul-agul = andel-andel, andalan. manggala = panglima senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang. manahe = atine, hatinya. pikantuk = oleh, mendapat. marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya. kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian. jinemparing = jemparing + in = dipanah. sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal. wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat. katri = katelu, ketiga. sudarsaneng = sudarsana + ing = conto. amirita = nirua, ikutilah. kongsi = nganti, sampai. dumadi = titah, makhluk. marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.

kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

Tulisen pitutur luhur kang bisa kapethik saka tembang Dhandhanggula pada 3

Supardjo

Tulisen pitutur luhur kang bisa kapethik saka tembang Dhandhanggula pada 3
K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
sumber foto: google

Serat Tripama adalah salah satu karya KGPAA Mangkunagara IV yang cukup singkat. Hanya berisi 7 bait tembang Dhandhanggula. Serat ini sering ditembangkan oleh anak-anak sekolah dan dikutip sebagai lirik dalam musik gamelan. Secara ringkas berisi tentang teladan bagi para prajurit agar berwatak ksatria, gigih tidak takut dalam membela negara. Kata tripama sendiri berasal dari gabungan kata tri ‘tiga’ dan umpama ‘perumpamaan’, merujuk pada tiga tokoh dalam dunia pewayangan yaitu Patih Suwanda dari Maespati, Kumbakarna dari megeri Alengka dan Adipati Basukarna dari Awangga. Ketiganya digambarkan mempunyai loyalitas dan dedikasi yang tinggi pada negaranya, mengutamakan kepentingan bangsa dan negara di atas kepentingan pribadi dan keluarga. Sikap ketiga tokoh itu juga menggambarkan berbagai macam nilai yang ada di dalam Etika Jawa sehingga patut menjadi suri teladan dalam kehidupan bermasyarakat, berbangsa, dan bernegara.

Isi Ajaran luhur dalam Serat Tripama

1.      Bambang Sumantri atau Patih Suwanda

Tokoh sentral ini adalah putra Resi Wisanggeni dari Padepokan Jatisarana. Sejak kecil Sumantri bertekad akan mengabdi kepada Prabu Harjuna Sasrabahu di Maespati. Sumantri berhasil mengalahkan Prabu Dharmawisesa dan adiknya serta memboyong Dewi Citrawati putri Manggada dan dipersembahkan kepada Prabu Harjuna Sasrabahu. Kesaktian Sumantri terbukti mampu memindahkan taman Sriwedari atas permintaan Dewi Citrawati, dengan bantuan adiknya Sukasrana yang memiliki ajian Candabirawa. Bambang Sumantri yang kemudian bergelar Patih Suwanda di negeri Maespati yang masyhur keberaniannya dan mampu menyelesaikan tugas berat dengan penuh tanggung jawab. Patih Suwanda gugur ketika menghadapi Prabu Dasamuka raja raksasa dari kerajaan Alengka. Tiga tauladan watak dan kepribadian Patih Suwanda adalah:   Guna : pinter, wasis, mumpuni,  kawruh ‘kepandaian’,  Kaya: sugih, kecukupan ‘kekayaan’, dan Purun : wani, kendel, saguh, gelem ‘keberanian’.

2. Kumbakarna

Kumbakarna adalah pejuang tanpa pamrih, tidak untuk kepentingan derajat, pangkat, jabatan, dan kedudukannya. Perjuangannya dilandasi kecintaan kepada tanah air. Berperang tidak untuk menang, tetapi merupakan wujud pengabdian terakhir bagi nusa dan bangsanya. Ia berjuang tidak untuk mengabdi kepada raja karena ia tidak sependapat dengan perbuatan rajanya. Kumbakarna memilih gugur sebagai pahlawan, tidak mau melihat bencana yang menimpa tanah airnya Ia rela mengorbankan hidupnya demi bangsa dan negaranya.

3. Adipati Karna

Adipati Karna Basusena putra Dewi Kunthi dengan Dewa Suryasangat cakap berolah senjata. Ia diangkat sebagai saudara oleh Duryudana dan dinobatkan sebagai senapati ‘panglima perang’ Hastinapura. Ia merasa telah diberi kemuliaan, kekayaan, dan kehormatan. Maka, kewajiban prajurit sejati adalah bertempur di medan laga walau Ia menyadari tidak akan menang berperang melawan saudaranya, Arjuna. Walaupun demikian tekadnya betul-betul telah bulat menjalankan darma dan karmanya.

Mangkunagara IV menyadari bahwa ketiga tokoh tersebut memiliki kelemahan masing-masing yang menurut pandangan umum masyarakat Jawa harus dihindari. Sumantri yang berani menantang/melawan rajanya ketika hendak mempersembahkan putri boyongan. Kumbakarna yang berwujud raksasa yang tentunya wataknya diwarnai oleh sifat-sifat amarah,  aluamah, dan supiah yang merupakan sifat kurang baik bagi seseorang. Karna Basusena yang berani menentang ibunya dan sampai hati menghadapi adiknya di medan peperangan adalah satu sikap angkuh dan sombong di hadapan masyarakat Jawa. Namun seperti diketahui, bahwa sifat baik dan buruk itu merupakan sesuatu yang melekat pada diri setiap orang yang tidak dapat dipisahkan dari eksistensi manusia dalam kehidupannya. Apalagi kelemahan-kelemahan ketiga tokoh tadi telah ditebus dengan darma baktinya, yaitu nuhoni trah utama pada diri Sumantri, nuhoni kesatriyane hing tekad labuh negari pada Kumbakarna, dan ciptanira harsa males sih pada Karna Basusena, sehingga ketiganya pantas dijadikan sebagai teladan suatu sikap keprajuritan.