Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?

Daftar Isi Contents

    • 0.1 Pengertian Cerkak
    • 0.2 Ciri-Ciri Cerkak
    • 0.3 Unsur- Unsur Cerkak
  • 1 Berikut contoh Cerkak bahasa Jawa:
    • 1.1 1#Contoh Cerkak Berjudul:Prabandari Muridku
    • 1.2 2# Contoh Cerkak Berjudul: Ayumu Jebul Ora Tulus
    • 1.3 3#Contoh Cerkak Berjudul:Gusti Maha Welas
    • 1.4 4#Contoh Cerkak Berjudul:Dhukun
    • 1.5 5#Contoh Cerkak Berjudul:Sampur Abang
  • 2 Sebarkan ini:

Cerkak bahasa Jawa merupakan cerita cekak atau cerita pendek yang disajikan dalam bahasa jawa. Bentuknya berisi sebuah cerita yang memiliki berbagai alur cerita.

Cerkak bahasa jawa biasanya terdapat substansi yang disematkan dalam cerita untuk memberi pengaruh baik kepada pembacanya, misalnya saja budi pekerti, pendidikan, moral, impian, keteladanan, kesehatan, cita-cita, dan lain sebagainya.

Dalam penyampaiannya, cerkak bahasa jawa disajikan dengan berbagai bahasa, seperti cerkak yang menggunakan bahasa jawa ngoko, dan ada juga cerkak yang menggunakan bahasa krama.

Cerkak cenderung kurang kompleks jika dibandingkan dengan novel. Cerkak biasanya menceritakan satu cerita, mempunyai satu plot alur, jumlah tokohnya terbatas, dan waktu cerita cenderung singkat.

Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?
Sumber gambar: Kancyl.com

Pengertian Cerkak

Dalam bentuk-bentuk fiksi yang lebih panjang, cerita cerkak memuat unsur-unsur inti tertentu dari struktur dinamis :

  • Eksposisi yaitu tentang settingnya, situasi, dan tokoh dalam cerita.
  • Komplikasi yaitu kejadian yang ada dalam cerita yang mengenalkan tentang konflik yang dialami tokoh utama.
  • Kejadian yang singkat dan krisis yaitu waktu yang menentukan si tokoh utama dan komitmennya.
  • Klimaks yaitu titik paling atas di dalam terjadinya konflik yang dialami tokoh di dalam kejadian yang paling penting.
  • Penyelesaian yaitu di mana cerita terjadinya konflik mulai terpecahkan.
  • Pesan Moral yaitu biasanya berisi pesan kesan dan pesan moral dari penulis yang berada padacerita.

Karena pendek, cerita cerkak bisa memuat pola ini ataupun bisa juga tidak. Untuk contohnya, cerita-cerita cerkak modern hanya satu kali mengandung eksposisi. Yang lebih umum yaitu awal yang mendadak, dengan cerita yang bahas di tengah aksi kejadian. Seperti dalam cerita-cerita yang lebih panjang, plot dari cerita cerkak juga mengandung klimaks atau titik balik.

Akan tetapi, akhir dari semua cerita cerkak biasanya mendadak dan bisa mengandung ( bisa jadi iya bisa jadi tidak) pesan moral. Seperti banyak dalam bentuk seni India, ciri khas dari satu cerita pendek berbeda dengan menurut pengarangnya.

Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?
Sumber gambar: unnes.ac.id

Ciri-Ciri Cerkak

Cerkak mempunyai ciri-ciri sebagai berikut :
1. Ceritanya pendek
Bisa disebut cerkak kalau ceritanya tidak terlalu panjang, ringkas dan padat. kira-kira panjangnya sekitar 500 kata atau tidak lebih 10000 kata. Karena ceritanya ringkas, pasti ceritanya tidak banyak basa-basi.

2. Bersifat fiktif
Cerkak juga mempunyai sifat fiktif atau tidak benar-benar ada di alam dunia. Jadi cerkak dapat dibuat tidak dengan kisah nyata seseorang, dapat dibuat seolah-olah ceritanya benar-benar berhasil, padahal tidak berhasil sama sekali.

3. Sifate naratif
Paragraf yang menceritakan kejadian dan kejadian itu urut sesuai waktu kejadian.

4. Biasanya ada sangkut pautnya dengan kelakuan manusia
Cerkak juga umumnya sangat banyak hubungannya dengan kelakuan manusia. Apa pun yang dilakukan manusia juga dapat dijadikan cerita yang bagus.

5. Mempunyai kesan tunggal
Kesan tunggal ini seperti memusatkan salah satu tokoh di tiap-tiap alurnya, di dalam setiap suasana atau di setiap saat.

6. Bahasanya tegas dan berisi sugesti
Bahasa cerkak umumnya tegas dan berisi ajakan. maksudnya adalah to the point (tidak bertele-tele), mempunyai ciri gaya bahasa yang mampu menggambarkan salah satu cerita.

Cerkak yang bagus akan dapat membawa suasana pembacanya kepada cerita yang dia baca, baik itu cerita sedih, senang, menakutkan dan lain-lainnya. Intinya dapat membuat pembaca senang kepada cerita, karena bahasa yang digunakan penulis bagus dan menarik.

Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?
Sumber gambar: Tribunnews.com

Unsur- Unsur Cerkak

Cerkak mempunyai 2 unsur, antara lain :

1. Unsur intrinsik yaitu unsur yang ada dalam karya itu sendiri. Unsur-unsur intrinsik cerkak yaitu terdiri dari :
Tema
Latar : tempat, waktu, dan keadaan
Alur : maju, mundur, campuran
Tokoh
Penokohan
Sudut pandang
Amanat

2. Unsur ekstrinsik yaitu unsur-unsur berada di luar karya sastra, tetapi secara tidak langsung mempengaruhi sistem organisme karya sastra.

Unsur ekstrinsik meliputi :
Nilai-nilai dalam cerita (agama, budaya, politik, ekonomi)
Latar belakang kehidupan pengarang
Status sosial waktu cerita dibuat

Berikut contoh Cerkak bahasa Jawa:

1#Contoh Cerkak Berjudul:Prabandari Muridku

Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?
Contoh Cerkak Prabandari Muridku

Prabandari Muridku

Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha mbujang.

Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.

Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani . klebu marang aku gurune.

Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon :

?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??

?O . aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi.

?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika ??

?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?.

?O . inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu .. najan ndhugalmu ngluwihi bocah lanang.

Tenan .. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.

Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :

?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi?.

?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.

Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:

?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??

?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?.

?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.

?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.

Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :

?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku , piye ??

?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?.

Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi.

Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :

?Ah . pak Gunawan .. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?.

?Aja .. aja . aja tenan Ndari .. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gregeten .. neng bocah kuwi.

Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.

Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge.

Motor tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana limang menit ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh :

?Mirsani bal napa pak ?? Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku :

?Inggih ., lha punika badhe tindak pundi ?? Wangsulanku kanthi basa alus.

?Wih . kalih muridhe kok basa ta pak guru ?? Kandha ngono, wong ayu mau mbukak kacamata lan nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling :

?Ya ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ??

?Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo nggeguyu aku merga pangling :

?Kosik !.? kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki dheweke.

Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Tekan ngarep toko aku kandha :

?Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik?. Prabandari mung mesem karo manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja.

Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan . kaya wong pacaran kae. Aku ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku, mundhak neng sekolahan dadi rame. Tekan njaba aku nawani dheweke :

?Ndari !, aku bisa kok ngeterke kowe mulih?.

?Sampun pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki?.

?Oya wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh?. Kandhaku kanthi ati gela. Sabanjure, mundhak dina srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari krasa, yen aku tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi mesemmanis banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi.

Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung saka tase, banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon :

?Gawe apa Ndari ??

?Ndamel taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh ndamelaken?. Aku ngiling-ilingi karo ndumuk njur kandha :

?Nek wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !? Kandhaku karo nyangklek neng cedhake :

?Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun berkeluwarga utawi krama, kula kadho ta sampun, pak?.

?Ah . andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ??

?Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok ?. Wangsulane Ndari karo nyekikik mandeng aku.

Aku eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku ngadeg karo kandha lirih :

?Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri?. Pas aku tekan njaba, lonceng tandha masuk sing diunekake pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake rendane neng tase.

Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem, .. esem sing kebak makna jero mungguhing atiku.

Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nangingkanggoku, unen-unen kuwi mung kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku.

Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya mundhak mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku ?

Ah embuh kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit. Bel bubar sekolah keprungu saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-murid sing padha bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem, ning mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol lengenku.

Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur.

Nalika aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik. Ndadak bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun methukake Ndari, njur ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi dening Ndari kanthi bungah.

Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap panas banget. Semprul tenan batinku, jelas kae mau dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari. Wong bocahe resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yenkaro aku. Oh atiku lara . nrangkel . ngrantes .., ning aku ora bisa apa-apa.

Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng dhipan. Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwe . nggatekke . sudi apa aku mbok tandhing-tandhingake karo jaka bagus ?

Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku anaklas ngadhepi bocah-bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi dheweke.

Senajan sejatine atiku nangis .. sikapku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh nganti kapan aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina Senen tekan Kamis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha ngerti, lan ya ora ana sing mamitke.

Dina Jum?at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben, sopire ya bocah bagus kuwi.

Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye wong iki tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus:

?Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari ?? Wangsulanku entheng :

?Inggih . wonten punapa ??

?Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika sakit, sapriki dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah?.

?O . inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ??

?Kula pak ?, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju libur?.

Dheg .. atiku mak jleg . . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku :

?O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi?. Wusana bocah bagus kuwi njur pamit bali.

Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas lan mesakake banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine.

Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing keweden, yen nganti kelangan cah ayu Ndari.

Kamase ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene sing neng Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi.

Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi, lan yen perlu, aku bakal njaluk pangapura.

Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer cah bagus kamase Ndari, dhek teka mamitke kae.

Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani tekaku :

?Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng purun ma?em, pak. Mangga ta, pak , kula aturi ngendikani !?

Aku di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet. Aku lungguh neng lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kamase aku takon :

?O inggih ., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten dhik ??

?Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik Ndari. Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi nglajengaken sinau wonten mrika?.

?O ngaten ta, dhik? Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane maneh :

?Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan garapanipun Ndari?.

?O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem?. Kandhaku bungah. Bareng swara mobil wis metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak , aku kaget. Merga raine Ndari sing pucet banget . gek bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo kumlesik ing kupinge aku takon :

?Ndari, kowe lara apa ??

?Sakit manah? wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo ngiringke awake ngungkurake aku.

Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh ing ngisor bantal.

Buku gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan tanggale lagi dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene :

Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku ora ngerti sebabe. Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara nganti saiki. Yen sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati.

Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa welas, trenyuh, lan keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot, aweke tak glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku groyok :

?Ndari, apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani pacarmu. Gek mari ya Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget?. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca. Dheweke isih tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk ngapura. Ndari njur takon lirih :

?Kok pirsa, pak ??

Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate mundhak deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge :

?Ndari, gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu, nganti rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, ketang gedhene tresnaku?.

Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati kuwalahan anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku gage njranthal neng kamar tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhul . Toro wis bali njur kandha :

?Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti?.

?Ah mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela karo Toro, aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu,aku kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare :

?Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen?. Saka kamar ora keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka larane.

Lumakune taun ora rinasa.

Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe lon-lonan ngiras ngresepi segere hawa esuk.

Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat telu jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku.

(Sumber:www.cerkak-jawa.com)

2# Contoh Cerkak Berjudul: Ayumu Jebul Ora Tulus

Ayumu Jebul Ora Tulus

Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa. Yen mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima nggandhul neng lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha dilakoni.

Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga kakehan penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.

Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora ana nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing lungguhe tansah terus ditetel kuwi.

Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake kenyamanane penumpang.

Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisanyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam ? aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake.

Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan.

Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger nampegi raiku kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.

Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa marahi neng sirah mumet.

Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa ngalihake olehe maca.

?Wonten kabar ingkang hangat, mbak??, ngono pitakonku timbang anem mundhak diarani lara gomen.

?Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?, ngono wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca maneh.

?Wih ? angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njur jual mahal.? Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane ora ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke :

?Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun mlebet koran dereng??, pitakonku serius. Kontan dheweke leren olehe maca njur nyawang aku kanthi nanjakke karo takon :

?Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas ? Kandha ngono mau karo ngulungake koran sing diwaca marang aku, karo mangsuli :

?Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat,? kandhane.

?Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno ?? cah ayu mau ndhedhes kepingin ngerti.

?Dhawah saking bis mbak? wangsulanku ngglayem. Mangsoa dimot, sebab pawarta mau ora bakal ana, awit kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa kenal becik karo dheweke.

?Rano Karno dhawah saking bis kota wonten pundi, mas??, bocah mau isih ngoyak terus.

?Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten badhe kababar ing koran, amargi kedadosan punika pancen kajarag.?

?Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi ?? Uh kena pancinganku, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora kena diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu.

?Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron.? Si Dul Anak Sekolahan? ingkang kaping kalih.? Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke takon :

?Mas ini kayaknya wartawan ya ?? ngono kandhane nganggo basa cakecandhake.

?Bukan?, kandhaku gedheg.

?Kalau bukan wartawan, pengarang ya ??. Aku gedheg maneh, ndadekke cah ayu kuwi ngguyu karo kandha :

?Apa malah perayu, mas ?? Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi rinengga janggut nyanthik, lan lambene ? ah, aku dadi nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-epeke nutupi raiku karo kandha :

?Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,? kandhane. Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung pitakone ndedhes terus.

?Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ?? jawabku :

?Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.? Cah ayu mau gage nyaut :

?Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta !?. Sidane aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh :

?Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul Anak Sekolahan? aku ngaku jujur.

?Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk beluke.? Kandhane cah ayu rumangsa menang.

?Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta ? Jenengku Warto.? Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem kenceng karo nyebut jenenge :

?Ningtyas.? Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon :

?Daleme ngendi mbak ??

?Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis rampung, saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas ?? Ningtyas genti takon.

?Asalku mono Sala mbak ? ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye, kersa ta ?, wong nyatane tuwa aku.?

?Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem kok.? Kandhane polos.

?Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan surat kabar sing wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange.?

?Njur njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi, mas ?, Ningtyas takon.

?Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti apal.? Wangsulanku blaka. Jeng Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh, ning embuh sidane kokkandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah takon :

?Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan ? Senajan lagi wae kenal rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita lan aku rumangsa seneng kekancan karo sliramu.? Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske aku karo mesem,njur takon :

?Sing marahi seneng nggon ngendi, mas ?? Aku dadi salah tingkah lan klicutan entuk pitakon kaya ngono kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele :

?Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna. Iba begjane mbesuk sing kagungan ya, Jeng.? Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha :

?Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas ?, pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik nggemesake kuwi.

Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora diweruhi penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune.

Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke, aku mancing takon :

?Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, e sapa ngerti aku bisa nggoleki sliramu mrana Jeng ??.

?Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh rana, bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko dikira0 aku cah sing seneng kangsen-kangsenan karo priya.? Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku, kepingin nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh :

?Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku ?? Ningtyas meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon :

?Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek, angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi ndak goleki.?

?Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng apotik ?Sumber Waras? kira-kira jam loro awan neng Jl. Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye ?? Ningtyas aweh keterangan.

?Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni.? Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir :

?Pak sopir kiri, pak !?. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke kanthi mripatku sing kamitenggengen.

Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing mau kebak kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi. Mesthi wae beka lan nangis.

Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing mau diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun. Wong mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung wewayangane wong ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning netra.

Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca pengarang dadi ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi.

Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun, yen ana wong sing uripe wis diprogram ? dirancang tharik-tharik, ning gagal. Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar kayata : Ay. Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria Siwi, sing tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi.

Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan, embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti.

Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main ing sinetron sing aku melu nangani.

Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana kae ? Ah ? ya embuh.

Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar. Ganti gawang-gawang lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir, sing angel ndak kipatake.

Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih ana S.M.A. bocahe pinter nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa.

Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu langgam utawa kroncong, jan ? neng ati bisa nganyut-anyut ? rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet kepingin ketemu Ningtyas.

Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.

Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca liyane ndak batalake dhisik, merga atiku selak kemrungsung. Saka nggone mbak Ardini jam rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali mulih menyang Sala.

Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae, ngiras nglaras wis suwe ora numpak ecak.

Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe pancen mulih, ning sopir taksi tak duduhi alamat Apotik ?Sumber Waras? ing Jl. Wonosari kok njur manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas tumuju alamat sing tak tuduhke.

Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur mudhun. Saka kadohan ndak sawang, apotik kuwi pancen gedhe. Barang cetha kaya pitudhuhe Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong sing padha ana ing kono siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.

Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi jam siji seprapat, mangka kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih gasik. Aku banjur lungguh kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat.

Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi mandheg lan ngudhunake penumpang, ? oh kuwi Ningtyas sing tak tunggu-tunggu.

Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng weruh aku, wong ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe supaya nyedhak.

Ya ampun ? gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot. Kandhane bareng cedhak :

?Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik, sing sesuk kudu ndak setor menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe lehe nunggu, mas ??

?Durung kok, jeng,? wangsulanku.

?Apa ngene wae mas, penjenengan neng kene sedhela, aku tak ngijolke resep, dadi ora perlu ngoyong-oyong tas iki?, kandhanejeng Ning.

?Ngono ya becik, jeng?, wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu apotik, saka kadohan ndak sawang omong-omong sedhela karo pegawene, bar iku njur bali marani aku karo kandha :

?Mas, obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya? kandhane santai. ?Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng??, aku takon, mergane tak sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang.

?Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take of.?

Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng ?. Dikengsel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing sesuk-esuk.? Kandhaku aweh pamrayoga.

?Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,? wangsulane serius.

?Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng.? Kandhaku.

?Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta mas?

?Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu,? wangsulanku.

?Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek taksi,? pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba :

?Pak, teng hotel Gadhing,? taksi banjur budhal, aku wong loro neng njeron taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.

Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake tas diseleh ing rak, Jeng Ning terus ngebrukke awake neng dhipan karo kandha :

?Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita satutuge, dhasar iki sing tak anti-anti.? Kandhane :

?Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu sliramu, ya notol banget neng atiku.? Kandhaku blaka.

?Wow ? yen ngono mung padha, wiwit tepung lan weruh penjenengan sepisanan kae aku njur piye ? ngono je, mas, karo penjenengan.? Kandhane jeng Ning karo ngguyu sajak piye ?.

Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing pipine, aku gage nyedhak, rasane kaya kepingin nyiwel pipi sing empuk kuwi.

Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet lingir dhipan lungguhku, kaya aweh lampu ijo kanggoku, tumindak sing luwih adoh.

Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing kasur, jeng Ning wis ngrangkul bangkekanku kenceng. Ndak sikep dheweke ndak tangekake, dheweke nglendhot, sirahe diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo kandha :

?Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa sesandhingan ngene iki terus karo penjenengan, tanpa keganggu tugasku dagang sing nguras tenaga lan pikiran iki.?

?Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja ngangsa. Pira akehe dhuwit sing wis ana tangane wong, mengko tak ganti, kuwi rilakna !, sliramu ngasoa !.

?Masalahe ora segampang kuwi, mas.? Kandhane Ningtyas, karo dumadakan kembeng-kembeng lan njur nrocos mripate. Atiku krasa welas banget, saya ndak kekep kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes pitakonan :

?Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa kejeglong utang ?? Jeng Ning gedheg tandha yen ora.

?Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis ??

?O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu penjenengan.? Kandha ngono tangise saya mingsek-mingsek memelas.

Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih, karo takonku :

?Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya sing ora mbok tresnani ?, utawa wis dirembug dadi, ning sliramu gela utawa ora seneng ? Aku jeng mengko sing mberesi, merga aku pancen tresna banget marang sliramu. Yen ora percaya, kapan jeng Ning saguh ndak lamar ?, ? sesuk apa suk emben, aku saguh sowan wong tuwamu nglamar sliramu.?

Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku, kaya-kaya wis emoh uwal.

?Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa sing gawe ribeting atimu, mengko ndak rewang-rewangi mikir, angger wae aku bisa.? Kandhaku ngayem-ayemi.

?Tenan, mas, yen penjenenganmengko wis pirsa aku satenane, penjenengan ora bakal gela lan gedhene ninggalke aku ??, pitakone kanthi swara nglentrih.

?Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu wis keblasuk ing donyaning bocah nakal utawa wis nate neng papan jember, yen sliramu kersa mertobat, kapok ora bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura, lan nampa sliramu apa anane. Kabeh tumindakmu bakal ndak lalekake?. Kandhaku tulus.

?Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas, aku iki isih wutuh kenya, aku durung nate srawung kebablasen ngladeni priya. Senajan wis akeh sing ngarepke aku, ning atiku durung tau kecanthol karo priya kejaba mas Warto iki. Yen penjenengan ora percaya, mas, sarehne penjenengan wis blaka yen tresna lan bakal ngrengkuh aku dadi garwa, saiki uga bakal ndak buktekake. Mas yen penjenengan ngersakke mustika keprawananku, saiki uga bakal ndak caoske. Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku nyata-nyata isih wutuh.? Kandhane cetha.

?Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku. Pangapuramu wae ya, jeng. Ha njur apa sing marahi sedih penggalihmu ?? aku ngambali takon. Jeng Ning meneng wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku, kaya njaluk pangayoman. Nganti sawetara meneng wae. Aku ya ora wani neter pitakonan mundhak dheweke saya bingung. Wusanane dheweke takon maneh :

?Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak caoske mustika ajining dhiriku, mas??

?Ora, jeng, aku percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku bakal mbuktekake, mbesuk wae yen awake dhewe wis tinalenan ing nikah sah jroning wengi sing sepisanan. Mung welingku, jeng,jaganen kuwi, mbesuk ngemungna aku sing mbuka wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.? Krungu kandhaku mau, jeng Ning bali ngruket aku kenceng karo kandha :

?Oh, mas, ya mung penjenengan priya seprana-seprene sing tak goleki, sing bisa ndak enggo ngayom salawase.? Kandha ngono jeng Ning nyawang aku tajem ngemu surasa jero, banjur kandhane :

?Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting atiku, mbesuk wae ya yen wis bali saka Surabaya. Lakuku wae dongakna slamet tekan nggone.?

?Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah pinaringan slamet tekan papan tujuan,? kandhaku. Jeng Ning manthuk-manthuk isih karo gondhelan awakku kenceng sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela njur kandha :

Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat, rak mung sedhela, aku mengko njur nyerahke conto-conto bathik dagangan kuwi karo bayar-bayaran. Bubar kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput mrene maneh. Piye nek penjenengan ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko mudhun pesawat, aku tak tuku tiket kanggo penerbangan sing esuk dhewe. Piye, penjenengan kersa ? Terus terang aku durung tutug mas. Sesuk aku tak crita akeh.?

?Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji bisa aku manut,? kandhaku.

?Jeng Ning njur nyawang jam tangane, njenggirat karo kandha :

?Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus,? ngono kandhane karo mlayu neng kamar mandi. Rampung adus terus dandan, cekat-ceket sedhela wae wis rampung. Aku jan gumun karo tandange jeng Ning sing sarwa cepet, ora kaya bocah wadon sing sareh lan aleman, yen ana ngarepe pacare. Iki blas ora, bareng wis arep budhal, jeng Ning nyedhak aku ngrangkul karo kandha :

?Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel kene?, kandhane.

?Iya jeng, sing ngati-ati,? ndak aras bola-ali jeng Ning sing ayu kuwi kanthi ati sumedhot. Let sedhela, keprungu lawang dithothok saka njaba.

?Masuk,? kandhaku dhasar lawange mung diinep. Bellboy mlebu aweh weruh, yen wis ditunggu taksi. Sepisan meneh jeng Ning tak kekep kenceng sawise ndak wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi sing bakal nggawa dheweke menyang bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.

Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar ?.

Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak rada krasa seger, piyama sing tak nggo turu tak copot, ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba. Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi.

Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine :

Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin malam, dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota dengan sedhabreg nama contoh : Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan masih banyak lagi.

Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg ? atine Suwarto njola, dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti. Malah dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto : ?Oh ? Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa lan penerusmu.?

(Sumber:www.cerkak-jawa.com)

3#Contoh Cerkak Berjudul:Gusti Maha Welas

Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?
Contoh Cerkak Gusti Maha Welas

Gusti Maha Welas

Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.

Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wirotukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahaneditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :

?Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.

Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut kuwi.

Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :

?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :

?O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :

?O. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.

Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kaya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorene pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.

Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.

Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :

?Piye Mbok Wiro, laramu??

?O Pak Bu. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul. kula sam.. sampun kath kathah sud. sudanipun.? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :

?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?

?O.. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.

?Anu Pak Lurah. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit. awit..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel. mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah :

?Yu Wiro! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng lan laramu gelis mari.? Pangatake bu lurah. Mbok Wiro mung srikutan tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Marti anake sing ana ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep. Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Marti neng kiwa tengene karo ndangu :

?Sejatine Mbokmu kuwi mikir apa ta Ti, kowe kondhoa blaka, mengko yen bisa aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngrewangi ngentheng-enthengke.? Marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu lurah didhedhes terus, mula karo nangis ature :

?Pak Lurah Bu Lurah.., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian awit dereng mbayar arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu rupiyah.? Ature Marti karo kesesegen.

?Wis wis.. wis. Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak cukupi, mlebua sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu.?

?Ning Pak.. Bu Lurah.. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun Simbok dhateng Bu lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan. Kula ngertos Pak Bu., menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun lajeng sakit punika.?

?Wis. wis.. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Wiro karo Marti pisan, mengko tak kandha.? Ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan Marti bali mlebu neng peturone Mbok Wiro. Pak lurah karo garwane nyedhak njur ngendika karo Mbok Wiro ngene :

?Mbok Wiro, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Marti ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan kudu nyaur, ning tak paringke Marti supaya bisa melu ujian.? Rampung ngendikane pak lurah bu lurah sambung :

?Yu Wiro, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi, ora usah mbok saur. Aku rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku, sampeyan, Kang Wiro, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi.? Bubar ngendika ngono, pak lurah sekalihan nyalami Mbok Wiro, Pak Wiro lan Marti banjur pamit kondur. Pak Wiro lan Marti nguntapke tekan latar. Nalika bali mlebu, Mbok Wiro wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane diathungake Marti, dene Marti ya njur nubruk mbokne.

Kekarone rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Wiro sing lungguh dheleg-dheleg neng waton amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.

Sawise padha adheng tangise, Mbok Wiro isih karo ngrangkul Marti kandha:

?Nok Marti lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa dalem.? Karo isih nggondhok-ondhok wangsulane Pak Wiro :

?Iya mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga nyuwun lan mbudidaya, Gusti tansah bakal paring pitulungan.? Marti sambung :

?Iya ya Pak Mbok.., Gusti olehe peparing lumantar Pak. lan Bu Lurah.? Pak Wiro ngedhongi kandhane anake :

?Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.? Bubar iku wong telu sembahyang mirunggan bebarengan.

(Sumber: www.cerkak-jawa.com)

4#Contoh Cerkak Berjudul:Dhukun

Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?
Contoh Cerkak Dhukun

Dhukun

Kanggone wong sing urip kecukupan (layak), jaman saiki kuwi diunekake murah sandhang murah pangan, mbahku sing wis umur pitung puluh lima tahun ya ngendika ngono. Nalika jaman simbahku cilik biyen, jaman Negara kita iki dijajah Walanda, sing jeneng pangan kuwi larang. Tur maneh, winates pangan sing asale ya saka kiwa tengene dhewe, upamane saka jagung bisa digawe sega jagung, blendhung sing olehe mangan nganggo parutan krambil lan uyah. Njur saka tela kaspa, iki bisa digawe panganan sing luwih akeh wernane. Bangsane pala kependhem : kimpul, uwi, midra, nggarut, tela pendhem, gadhung lan isih akeh tunggale.

Jare simbah, roti kuwi sing mangan mung landa lan sinyo utawa nonike. Wong Jawa, ora ana sing bisa gawe roti, apa maneh kabisan kudu mung winates tumrap wong pribumi. Sekolah angger wis bisa maca lan ngerti angka ya uwis. Kuwi wae pilih-pilih wong, paling ora anak perangkat desa. Beda karo jaman saiki. Lanang wadon, janji nduwe ragad bisa sekolah dhuwur mencit nganti entuk gelar. Roti-roti, saiki dudu panganan mewah, angger wong sasat bisa gawe roti, malah jare wis padha jeleh. Yen mertamu suguhane pepak, sing dijupuk mesthi pangan sing tradhisionil, ya kuwi sing jeneng obah-owahing jaman. Olehe padha ngarani ?Nut jaman kelakone? utawa manut jantraning jaman.

Bali uripku sing tak alami wektu iki. Aku ya wis ngecake programe pemerintah, urip bebrayan catur warga. Sing ateges aku lan bojoku karo anak loro. Ning nganti seprene, aku kayane kok kurang ngrasakke bahagia sejahtera. Uripku isih tetep rekasa, kanggo cukup aku isih kudu mbanting tulang kerja keras ? ngonoa ya isih kudu utang-utang. Anakku sing gedhe ana S.M.A klas telu, adhine neng S.M.P ya klas telu. Manganku sak brayat ya prasaja hariane tahu, tempe, krupuk, dene sayur mung trima sak-sake. Pakaryanku sing tetep minangka pamong / guru / S.D. lulusan S.P.G taun sing keri dhewe, njur gugur bunga kae (alias S.P.G ditiadakan). Dene bojoku dodol sayuran neng pasar. Jare jaman biyen, wong bisa mangan warek wae atine wis tentrem. Ning aku kok ora, yen kakehan pikiran sing njur marahi kuwur, senajan awak kesel lan wetenge ngelih, arepa ana lan weruh pangan ya ora selera. Ta rakyabedane akeh ta simbah biyen karo aku saiki?. Sing banget marahi banter mikir kuwi yen bocah-bocahdiaba S.P.P lan kebutuhan sekolahe sing kudu enggal diwujudi. Mangka yen disawang satleraman pancen kurang pas. Kayata, ngapa bocah S.M.P kok ndadak kudu wisata neng Bali sing wragade ora sithik. Jare bocah ben ngerti budaya lan tradhisi Bali sing kawentar kuwi. Ning guru rak ora ngerti lan ora mikir, piye status ekonomine wong tuwane murid?. Gandheng iki kudu, senajan sirah pusing tujuh keliling, ya kudu wong tuwa nabrak-nabrak kareben entuk dhuwit kanggo cukupe anak.

Kahanan sing bangsane kaya ngene iki, sing aku karo bojoku yen omong-omongan bengi nganti njur angel turu. Pas dina libur aku ana ngomah, bali saka pasar bojoku kusung-kusung ngedhaki aku karo kandha : ?Pak, tak kandhani ya, jare desa Losari ya tangga desane dhewe kuwi ana dhukun anyaran sing pinter, bisa dijaluki tulung apa wae.? Aku mangsuli ngglayem : ?Ora, bune, ngertimu kuwi saka ngendi?, kathik saiki ngerti dhukun barang. Njur nek kaya awake dhewe kuwi arep nambakke apa, wong awake dhewe ya waras wiris ngene.? Kandhane nyaiku nrocos : ?Pak, dhukun kuwi ora ngemungna nambani wong lara, ning ya bisa madhangke atine wong sing lagi kepetengan, dijaluki pelarisan, lan isih akeh maneh, pakne.? Aku meneng manthuk-manthuk ngrungokke critane nyaiku. Ngerti aku nggatekke, nyaiku neruske guneme : ?Pak, mbok coba, sampeyan mara, sapa ngerti mengko uripe dhewe njur bisa entheng. Apa ta salahe wong usaha, wong syarate ya mung entheng. Jare mung padha nggawa gula teh karo rokok, ? bojoku nerangke. ?Ora, bune, nek kaya aku kuwi tekan kana njur arep jawab nyuwun apa??

?Walah, pakne, sampeyan kuwi kok ya kebangeten. Rak ya bisa ta nyuwun ben uripe dhewe kuwi entheng, diparingi murah rejeki, lan ya apa wae sing marahi urip kuwi bisa tentrem.?

?Yoh ? sesuk-sesuk kono, bune, tak pikire dhisik,? wangsulanku sareh.

?Kathik ndadak nganggo dipikir ta, pakne, mbok ya gecos kapan lehe arep rana, mengko gula teh aku sing nyiapke,? kandhane nyaiku getol.

?Yoh wis bune, sesuk sore aku tak rana, dhasar dinane pas malem jum?at kliwon. O iya kyaine kuwi jenenge sapa bune?? aku nanjih.

?Anu, pak, asmane ki kyai ?. Ah kyai sapa ya aku kok rada lali.?

?Kuwi, hla wong jenenge wae lali, kok selak olehe nyurung-nyurung kon mara, njur olehku arep takon piye?, aku nggrundel.

?Oh ? oh ?. Kelingan aku pakne, nek dha ngundang muni mbah kyai Dadi alias Mbah Jenggot ngono. Neng kana kuwi jare tamu-tamune disuguh jamu, ora wedang ya karo cemilan barang.?

?Wah-wah ? kok njur tekan suguhan barang. Apa mrana kuwi mung arep golek suguhan pa??,kandhaku munggel gunem.

Dina candhake ngepasi malem jum?at kliwon, aku sida sowan pak kyai kaya pakone nyaiku. Sejatine wiwit biyen mula, aku kuwi blas ora percaya karo modhel perdhukunan kuwi. Dadi gelemku kuwi ya mung dhapur ngelegani bojo, ning jroning atiku ora greget babar pisan. Tak anggep wae, nek iki idhep-idhep nggo pengalaman urip. Tekan desa pernah lor desaku, sawise takon-takon sawetara, cepet wae ketemu omahe pak kyai Dadi alias mbah Jenggot. Aku teka ngepasi surup. Tekan clongopan desa aku gumun, jebul tamune akeh, malah tak delok ana mobil telu sing parker neng lurung, mergo latare sing mung ciyut kuwi wis kebak motor. Sawise njagrakke motor sing wis jejer-jejer kuwi, aku mlebu tanpa uluk salam kaya tamu-tamu liyane sing wis teka keri kaya aku. Neng kono wis digelari klasa plastik, tamu sing teka ya njur lungguh kono kuwi. Let sedhela ana nom-nomman loro sing ngladekke gelas kothong, karo gendul loro isi kebak. Sijine tulisane kunir asem, sijine beras kencur. Uga ana stoples isi emping lan roti kering. Aku mbatin, jebul bener kandhane nyaiku, suguhane dudu wedang, ning jamu. Tak delok, tamu-tamu kuwi ya njur dha ngiling dhewe terus diombe, tanpa ana sing nawakke.

Tak sawang, wong-wong kuwi padha antri mlebu omah mburi mbaka siji. Jare ya neng ngomah mburi kuwi Pak Kyai paring wejangan. Dene tas-tas kresek, oleh-olehe para tamu padha diseleh meja sing wis disadhiyakake, sing ngisore padha kanggo lungguhan tamu kuwi. Mesthi wae, wektune saya wengi, tamune ya saya nipis merga sawise dilayani ya njur dha pamit mulih. Sidane mung keri aku sing mau tekane pancen keri dhewe. Tekan giliranku mlebu omah mburi, aku gumun dene Pak Kyai sing tak arani olehe mejang ana kamar utawa senthong kuwi kleru. Pak Kyai lenggahing amben gedhe, kiwa tengen ya ora ana apa-apane. Bareng weruh aku teka, pak Kyai sing wonge isih enom ya sabarakanku kuwi, ngingetke semu mencereng tumuli keprungu ngendikane : ?Nek ora kleru iki ya rak pak Wiryono ta??. Aku kaget semu gumun, mergo aku durung tau sowan mrene kok wis pirsa jenengku. Gage aku mangsuli : ?Inggih, Pak Kyai, kula ingkang sowan.? Aku nyedhak njur lungguh anteng ing ngarepe, kanthi ora ngetarani aku nyolong-nyolong ngematke rupane. Wonge nganggo sarung lan surjan, blangkone gondosuli nganggo mondholan modhel yogya. Alise ketel putih lan jenggote dawa uga putih. Sak tleraman wonge pancen bagus, wong untune ya isih katon wutuh. Karo nata lungguhku ben katon trapsila, aku nyoba ngeling-eling, ketoke aku wis tau weruh rerupan sing kaya ngene iki, ning neng ngendi?, aku lali. Bareng lungguhku wis mapan Pak Kyai ndangu : ?Rak ya dha slamet ta Mas Yono??, pitakone. ?Inggih wilujeng, Pak Kyai,? wangsulanku saya gumun, denea nimbali aku kok nyebut mas. ?Saiki daleme neng ngendi, Mas??, pitakone maneh. ?Wonten Sambilegi dhusun kidul punika, Pak Kyai, katut babon,? wangsulanku blaka nek ngetutke bojoku. ?Hla njur omahmu sing Ndurensawit kae sapa sing ngenggoni??. Aku jan kaget tenan, denea wong iki ngerti asal usulku dhek cilik.

Wah nek ngono waskitha tenan wong iki. Ngono batinku. Gumunku durung ilang, Pak Kyai wis ndangu maneh : ?Mas Yono, aku tak takon, wangsulana kanthi jujur ya?? ?Kowe tekan kene iki saka karepmu dhewe?? ana sing akon,utawa apa ana sing ngajak?. Wangsulanmu kudu jujur hlo, Mas!? Aku saya kaget banget nampa pitakon sing ora ndak nyana iku. Aku bingung ? bingung tenan lan judheg. Ngerti kewuhan anggonku rep mangsuli, kyai Jengggot njur ngendika : ? Mas Yono, aku kuwi ngerti,nek sejatine karo dhukun kowe kuwi ora ngandel, rak iya ta ?? Adhuh ?, lumraha mono aku isa mati kaku, merga jroning atiku wis kewaca kabeh. Jan hebat tenan dhukun siji iki, ngono batinku. Kanthi ati dheg-dheggan aku mangsuli apa anane : ?Ing ?inggih ?. Pak Kyai ?, kula namung nuruti kanca estri, kapurih sowan mriki nyuwun berkah Pak Kyai, supados gesang kula entheng,? kandhaku jujur.

Pak dhukun mung manthuk-manthuk karo ngguyu nggleges, aku dadi saya kisinan. Sawise sawetara Pak Kyai mung meneng wae lan namatke aku, njur mbaleni ndangu : ?Mas Yono, desane omahmu mau Sambilegi?, gandheng sing arep ndak kandhakake kuwi wewadining urip, mula kowe ora tak kandhani neng kene, ning suk malem jemuah kliwon, ganti aku sing teka ing omahmu, kanthi syarat : mung kowe karo aku, anak bojomu lungakna, embuh piye lan apa alasanmu. Sing cetha aku lan kowe bebas rerembugan. Dene jame kira-kira jam sewelas mungggah.? Ngono dhawuhe Pak Kyai. Wis ora ana pilihan liya, bisaku mung sendika dhawuh. Bareng wis cetha apa sing didhawuhake, aku njur nyuwun pamit. Aku gumun, dene anggone nyalami aku nalika tak pamiti kenceng banget, kaya konco lawas sing wis suwe ora ketemu. Nalika aku tekan ngomah, bojoku ora sranta gage nyedhaki terus takon : ?Diparingi srana apa, Pak, karo mbah dhukun?? Bareng aku wis lerem lagi tak kandhani. ?Ngene ibune : Kandhamu kae kabeh bener, apa sing ana jroning atiku kuwi dheweke ngerti kabeh. Wiwit jenengku, asalku dhek cilik, nganti tekan olehku ora percaya neng dhukun, dheweke kuwi ngerti. Mula baliku ora digawani srana apa-apa munggahe diwejang, ning Pak Kyai malah arep rawuh neng omahe dhewe suk dina malem jemuah kliwon, wektune bengi nek wis jam sewelas munggah. Dene syarate ibune, Pak Kyai mung butuh ketemu aku thok, kowe lan bocah-bocah kudu ora ana ngomah dhisik.?

?Hla aku karo bocah-bocah kon ning ngendi Pakne??, takone nyaiku.

?Gampang, diajak tilik mbokdhene neng ndesa rak bisa, mangkat sore mulih esuk, witikna piye wong Pak Kyai karepe ngono. Mangka iki rakya karepmu ta bune?? Wangsulanku mojokke. ?Hiya-iya pakne, aku ya seneng kok dene sampeyan kok entuk tanggapan mirunggan saka Pak Kyai.? Dina Kemis malem jemuah kliwon, ibune bocah-bocah masak lawuh lan nyiapke suguhan kanggo mengko bengi. Mesthi wae istimewa timbang saben dinane. Sawise kabeh cumawis, banjur budhal menyang ndesa karo anak-anake sengadi tilik budhene. Saungkure bojone, Maryono mung mikir bengine mengko, gek njur apa sing arep dikandhakake dhukune bab wewadining urip kuwi. Jeneng wong ngenteni ngono kae jan ?. njelehi banget, rasane kaya suwe banget. Jam sewelas wis keprungu cumengkleng saka jam tembok. Atine wiwit nitir. Temenan, ora let suwe ana wong nothok lawang, gage olehe menyat mbukakake. Plong atine, bareng ngerti yen sing teka mbah dhukun tumenan. Sing teko semono uga, bareng lawang dibukak gage olehe ngrangkul kenceng.

Bareng wis satata lungguh, dhukun mau lingak-linguk terus takon : ?Anak bojomu neng ngendi, Mas??. ?Neng ndesa tilik budhene,? wangsulanku kendhel. Wusana dhukun mau takon maneh : ?Apa kowe kuwi ya pangling tenan ta, Mas??. Ditakoni ngono aku bingung karo ngeling-eling ? ning blas ? aku lali. Wusana kanthi tenang neng ngarepku, mbah dhukun mau nguculi blangkon, jenggot lan alise sing memplak kuwi. Sakala aku ora pangling yen Sudadi, kanca tangga cedhak dhek jaman cilikanku biyen, ya kanca dolan lan sekolah sing saben dina ulang ? uleng. Layak yen ngerti kahananku kabeh. Sanalika tak ruket ning karo tak ingel-ingel sirahe, tutukku nrocos tembung pamisuh metu : ?O dhukun edan, dhukun sableng!, wiwit dhek kapan kowe madeg dadi dhukun?. Ya angger wae dudu dhukun gejos, dhukun porno, sing ngrampeti prawan sing mara merdhukun, ? kandhaku saenake.

?Mas Yono, kowe ki aja ngawur mas, aku dadi dhukun kuwi merga kepojok, kaya dene dikudokake aku kudu tumindak ngono. Ning neng atiku aku ora gawe wisuna, ora arep apus-apus, gedhene nyengsarakake wong cilik, milik kanthi niat meres kanggo pribadiku, ora, mas, ora tenan.?

?Aiyah wong kebukten ngono kok selak. Nek wong mara semana akehe saben dina dha nggawa gula teh kae mbok nggo apa?, mangka aku ya weruh dhewe.?

?Ya bener, mas, ning kae rak karepe dhewe aku ora njaluk, wong sebagian ya tak balekke kanggo nyuguh. Beras kencur, kunir asem, gula jawa kae bahane rak ya tuku ta, mas ?, tur mesthi diombe wong aku kandha syarat. Ning nek wedang durung karuwan diombe. Sakjane sing dha goblok, kelinger lan ora ngutek kuwi ya sing dha teka neng nggonaku. Hla piye, aku nek mejang ya sing apik-apik merga, nek tumindak ala kuwi larangane sing gawe urip, kerep-kerepe ora bakal di idini. Bar ngono njur tak wenehi banyu putih sing ora ana apa-apane. Tak kon ndonga sing akeh manut piyandele, nyuwun apa sing dikarepake. Dadi nek kabul penyuwune kuwi dudu saka aku mas, ning ya merga lehe ndedonga kuwi.? Kandane Dadi wijang lan serius.

?Ora Di, kowe mau kandha nek dipojokake, lehmu dadi dhukun kepeksa kuwi sejatine piye, aku rak during mudheng? aku manjih. ?Ngene ya, Mas, sampeyan ngerti, dadi guru kuwi bayare dipangan sesasi tekan ngendi?, mangka dhek semana, aku reka-reka ngontrak omah karo ajarbebakulan (blantik pit). Ning mas, usahaku bangkrut. Aku reka-reka utang rentenir Cina, sing lumayan akehe, sirku ya arep tak nggo nerusake usahaku, ning aku lali yen kuwi dhuwit anakan sing kudu tak bayar saben Minggu. Adhuh, mas, dhuwitku entek kecurat-kecurut nganti aku ora bisa mbayar anakan. Cina kuwi bola-bali mara, ning aku wis ra iso setor. Wusana sawijining wengi, Cina kuwi teka nggawa wong loro, mas, bareng aku kandha yen ora bisa setor, langsung wae wonge kuwi dikon ngajar aku nganti lempe-lempe. Aku wis pasrah karo sing gawe urip, yen kepepete mati aku ya wis gelem. Wektu kuwi anak bojoku ngepasi tilik mbahe. Barang Cina kuwi ngerti aku wis ora bisa gemlawat, mas, aku njur ditinggal lunga. Karo bojoku aku ya mung kandha yen awakku lara.? Dadi leren lehe crita, aku takon : ?Hla apa hubungane karo olehmu dadi dukun?? ?Tak terusake ya, mas,? kandhane Dadi bareng wis ngeling-eling sedhela. ?Let setengah sasi saka kedadeyan kuwi, keluargane Cina kuwi teka maneh, ning aneh. Tekane kanthi polatan padhang kepara sopan sing keladuk, gek oleh-olehe werna-werna akeh. Intine njaluk ngapura lehe wis ngajar aku, lan saiki dheweke lara nemen. Dokter ora nemokake lelarane. Mula njur dha teka mara njaluk ngapura lan njaluk tamba, rupa apa wae arep, waton diwenehi. Aku kandha yen wis tak apura, ning nek tamba aku ora bisa nambani, selagi dokter wae ora bisa. Ning keluargane Cina mau meksa, pokoke diwenehi jamu apa wae gelem. Rehne bisaku mung menehi banyu putih, ya kuwi sing tak wenehke. Tak weling, tak kon nyuwun mari lan nyuwun pangapura karo sing Maha Kuwasa. Ya wis mas mung ngono kuwi welingku karo keluargane.

E let seminggu Cinane kuwi kok teka numpak mobil, bareng mudhun didhabyang anak bojone neng omahku. Mara kejaba mbaleni njaluk ngapura, ya matur nuwun lehe wis mari. Ya ampun mas, oleh-oleh rupa bahan makanan dhus-dhusan pirang-pirang, ngerti nek aku wong kurang.? Bareng bali ninggali dhuwit sagebog, kena nggo tuku pit montor siji gres, isih karo kandha : ?Sesuk nek arep ajar blantikan maneh pak,ora usah utang tak pawiti sacukupe.? Ning tan kocapa mas, bar kuwi njur akeh Cina dha mara mrene, mangka aku wis bola-bali kandha nek aku kuwi ora bisa apa-apa, ning dha meksa jare saran lan banyu putihku kuwi mujarab. Mula ya njur tak wenehi ngono wae. Ora ngertiya mas, njur wong jawa barang saka bakul pecel, perangkat desa, pejabat kok dha teka mrene, klebu kowe, mas. Hara nek ngono kuwi sapa sing goblok?, mangka karo sapa wae aku kuwi mesthi kandha apa anane.? Dadi mono wiwit cilik jujur, mula aku ya ngandel karo kabeh kandhane, sabanjure aku takon. ?Di, njur karepmu kowe mrene kuwi, aku arep mbok wejang apa??, wangsulane sengol : ?Wejang dhengkulmu amoh kuwi pa, mas. Olehku mrene wayah bengi tur emoh ketemu anak bojomu kuwi , aku arep njaluk saran, piye carane nguwisi anggonku dadi dhukun sing ora kajarag iki??

?Kowe wis mantep dadi guru thok tanpa nyambi dadi dhukun??, pitakonku hodhi atine. ?Uwis mas, dhasare depositoku wis kena yen kanggo pawitan urip.? Wangsulane mantep. ?Gampang Di umumna, (iklana wae neng surat kabar, loro utawa telu edisi, ping telu utawa luwih, kandhakna, nek mbah Didi utawa Kyai Jenggot wis ora bisa dijaluki tulung merga wahyune wis oncat, wis bali kaya wong lumrah maneh.? Ngono pratikelku. ?Wah lega, mas, aku saiki. Ora ilang anggonku keraya-raya bengi mrene. Tenan mas, kowe mono mitraku sejati wiwit cilik tekan saiki. Ora luwih tak trima banget, keparenga saiki aku nyuwun pamit. Minangka bebungah ? yoh iki kanggo jajan bocah-bocah. Aku digegemi dhuwit lumayan akehe. Wiwit sesuk lawangku ngarepan arep tak tutup lan tak cantheli tulisan sing unine : Sementara Mbah Jenggot tidak menerima tamu karena baru maneges (meditasi). Mengko let pirang ndina wara-wara saka iklan surat kabar metu, wong-wong rak njur ngandel. Wis ya mas ?. Aku bali.? Tak untapke mulihe tekan latar, ora lali bareng wis tak salami kenceng banjur tak jenggung sirahe. Ora lali neng njero mau blangkon, alis lan jenggot dipasang maneh.

(Sumber: www.cerkak-jawa.com)

5#Contoh Cerkak Berjudul:Sampur Abang

Apa Wae kegiatanmu Ning sekolahan?
Contoh Cerkak Sampur Abang

Sampur Abang

Bengi kuwi, sawise rampung tugase nari mbukak kerameyan pahargyan penganten kanthi ngibarake keluwesane joged gambyong Parianom, Ana terus ngleler mulih.

Sing dipamiti mesthi wae sing duwe omah, lan sawetara kanca sing weruh lungane. Awake rumangsa lungkrah banget, wong nyatane wis sepasar dhur-dhuran pentas terus.

Sawise cucul lan ganti pakeyan, Ana terus ngebrukke awake ing dhipan lumah-lumah. Mau nalika mlebu, ngungak kamare dhe Setro rewange wis katon pules turune. Pengine mono njur arep turu ning kok malah nyut kelingan bojone sing ditugasake neng Sulawesi nyirep rerusuh.

Isih dumeling welinge bojone nalika budhal biyen ngene :

?Dhik Ana, saungkurku, sing ngati-ati lehmu momong Eka. Senajan ana dhe Setro, ning kowe aja kamitegan. Kena wae kowe manggung yen ana sedulur sing ngersakake, ning kudu nonton sikon ngomah, piye anakmu?, kena mbok tinggal apa ora. Yen kena ya mangga, ning ye rada rewel, aja nganti mbok tinggal?.

Dhek semana, Ana ya rumangsa saguh ngestokke welinge bojone kanthi tandhesing ati, wong nyatane Ekawati ya anake wadon sing lagi siji kuwi, wohing katresnan anggone padha mbangun brayat sing wis telung taun suwene.

Biyen mono Prasetyo ya bojone kuwi kanca kuliah, padha dene ana ISI mung jurusane sing beda. Ana njupuk tari, dene Prasetyo njupuk lukis.

Ning ya embuh, apa merga turun swargi bapake, lulus ISI ndaftarke tentara kok klebu. Dhasare wiwit SMP Prasetyo jago olah raga, sasat kabeh bisa lan ya nguwasani.

Dene Ana semono uga, wiwit cilik wis ketok bakate nari. Mula ora nggumunake, rampung ISI lan sawise nikah bojone nglilani nampa job, larise kaya pisang goreng.

Pendhak seminggu seminggune mesthi pentas, malah kerep wae neng liya kutha. Job ora ditampa dhewe, ning njaluk tetimbangan bojone.

Yen Prasetyo ngidini ya mangkat, yen ora, Ana ya ora gela, jer kekarone wis padha aprasetyo, yen arep padha njaga wutuhe bale wisma. Wong nyatane Prasetyo ya sawijining aparat negara. Perkara njoget mono rak mung nuruti panggilan jiwa sing wis mbalung sungsum.

Mulane Prasetyo ya tansah ndhukung. Wis limang sasi ditinggal tugas, Ana wis biasa ana ngomah dikancani dhe Setro karo anake. Eka wis kelet banget karo rewange.

Mula yen ana tanggapan, atine seneng ya mesthi disaguhi. Apa maneh yen sing ngundang wis ninggali DP tur isih nyaguhi pethukan, Ana njur semrinthil wae. Kerep wae yen payon ngedhur, dhe Setro sok ngelingake, ning kerepe arang digubris. Senajan yen awan sidane ya mung turu terus ngasokke awak. Eka sasat wis ora pati entuk kawigaten saka ibune nggon momong lan gegojegan, senajan kabeh kebutuhan dicukupi.

Olehe eling karo anake mung yen lagi nampa kiriman dhuwit saka bojone ing pendhak sasine. Ya ing wektu-wektu kuwi pisan pindho mbalak tanggapan, nglegakke guyon lan gojeg karo anakke.

Ning janji mengko entuk tanggapan neng luwar kota, tur pira olehe aba terus diturut, Ana wis mbungahi maneh.

Keri-keri iki, Ana diundang sawijining priyayi luhur ing tlatah Sala, jare syukuran, putrane wis rampung sekolahe ing luwar negri.

Wektu kuwi nganakake pagelaran kethoprak kanthi njupuk lakon ?Tumenggung Wiroguno?.

Nalika pentas neng ndhuwur panggung, Ana pancen ngedab-edabi, senajan sing diundang kabeh wis pemain senior. Kaya dene lakon sing digelar, Rara Mendut sing diperanke Ana, akeh wong kang gawok lan kepencut.

Klebu putra mbarepe sing kagungan kersa ya mas Gunarso, priyayine dhegus, gedhe tur bagus. Anggone nyawang Ana samudhune panggung (ana Krobongan) tansah mleleng kaya bandeng ora kedhep-kedhep.

Ing atine Ana uga krasa, denea wong kuwi tansah nyawang sapari polahe? Yen Ana ngemenke genti nyawang, wong mau banjur ngajak mesem.

Oh atine Ana dadi nyas-nyasan. Rasane kok njur kaya biyen nalika isih prawan ketemu jaka, genea ?

Kethoprak bubar, kabeh penonton padha marem. Ing atine para pamirsa kepingin weruh maneh citrane putri sing dadi Rara Mendut. Mangka nalika ing adegan main mau, Gunarso wis tanpa wilangan anggone njepreti Rara Mendut, jare kanggo dokumentasi. Sawise nampa amplop lan pamit, Ana metu njaba marani mobil sing kanggo mapak wingi.

Lha dalah saiki sopire kok ganti wong dhegus kuwi. Ana isih meneng ngadeg nggejejer, ojoa wong mau kandha :

?Mangga, kula kok Jeng ingkang ndherekaken kundur?. Gragap Ana semu kaget. Wong mau gage nylingker ngengakke lawang sisih ngarep jejer sopir.

?Mangga Jeng lenggah?. Ana njur mlebu lungguh jejer sang sopir. Mobil dleser-dleser metu saka dalem gedhe magrong-magrong mau tumuju dalan gedhe. Bareng wis sawetara, sopir bagus mau takon :

?Asma wetahipun sinten, Jeng??

?Kula Ana Sarwendah, mas?.

?Wah cocok kaliyan priyantunipun, Jeng, dhasar endah milangoni. Damel resep sok sintena ingkang mirsani?. Tembunge sopir ngalembana.

?Kula Gunarso Jeng, putra mbajengipun Romo Haryonegoro ingkang kagungan kersa menika. Dene ingkang dipun syukuri adhi kula pun Guntarto, ingkang nembe mantuk saking njawi rangkah?.

?O ngaten ta mas?. Ana waton wae ngedhongi.

?Panjenengan taksih kuliah punapa sampun ngasta, Jeng??

?O pedamelan kula inggih namung ngaten punika, mas, nyowani priyantun ingkang sami ngersakaken. Kula punika sampun sepuh kok mas, sampun gadhah anak?.

?Ah punapa inggih, Jeng ?, kula wastani yen taksih kenya?.

?Wah mboten, mangkeh penjenengan rak pirsa menawi dumugi griya kula. Anak kula dipun emong rencang, ingkang sampun dangu tumut kula, dene semah kula tugas wonten Sulawesi sampun gangsal wulan punika?. Ana kandha jujur.

?Ingkang raka ngasta punapa, Jeng ??.

?Tentara, mas, ning taksih kroco kok? wangsulane Ana andhap asor.

?Wah begja keng raka, Jeng, saget nggarwa widadari. Wonten pundi rumiyin pinanggihipun??

?Wonten sekolahan mas, sami-sami wonten ISI.?

Oh jebulane bener, mahasiswa tenan. Ngono batine Gunarso. Nalika mlebu Yogya, mobil mandheg ing sangarepe toko sing ngarepe ana tulisane : ?Toko Pepak Buat Oleh-oleh?. Gunarso mbukak lawang mobil karo kandha :

?Tengga sekedhap inggih, Jeng !?. Metu saka toko, tangan kiwa tengen nyangking tas kresek ngrenggiyek sajak isi oleh-oleh. Sawise dilebokake bagasi, mobil banjur mlaku maneh. Kutha wis kliwatan, mobil bablas ngulon. Tekan kulon Pingit ana dalan ngalor, minggak-minggok sedhela, Ana njur aba mandheg. Bareng mesin wis mati Gunarso takon :

?Punika kampung pundi, Jeng?.

?Ingkang sami mastani Pulo Bali, mas, taksih klebet Kricak, namun kalet-letan lepen. Mangga, mas mlebet nggriya, ning awon lho, tur reget?. Gunarso mlebu, dipethukke dhe Setro nggendhong Eka.

Ana gage nyandhak anake digendhong njur diarasi. Dhe Setro mlebu, let sedhela metu ngaturke unjukan teh lan nyamikan.

?Lha punika anak kula, mas, sak punika rak pitados ta??

Gunarso gage ngelus-elus sirahe bocah kuwi karo kandha :

?Wah ayune! Niki kados bapak napa ibu?? Dhe Setro sing lungguh ana sisihe Ana matur :

?Inggih kados bapak inggih kados ibu, pakdhe? ngono olehe mbasakke Ekawati marang tamune. Sawise nyawang sakubenge kamar tamu kono, Gunarso banjur takon :

?Punika fotonipun sinten, Jeng??

?Inggih punika bapakipun lare, mas?. Wah ya gagah tur ngganteng. Ngono batine Gunarso.

Saiki Gunarso ora mung kepencut kasulistyane Ana, ning ayune atine, anggone jujur apa anane. Sak tleraman wis katon, yen bale wismane ayem tentrem. Saka sambang liringing netra, kedaling wicara, Ana dudu wong sing murahan lan gampangan. Mendah begja mulyaning atiku, yen aku bisa duwe sisihan kaya Ana iki. Jan komplit, ayu, jujur lan setya. Ngono batine Gunarso. Bareng wis sawetara anggone jagongan, Gunarso banjur pamit karo kandha :

?Menawi sawanci-wanci kula sowan mriki rak pareng ta, Jeng??

?Wah inggih sumangga mas, kula remen sanget?. Sadurunge mlebu sopiran, Gunarso mbukak bagasi mobil, ngetokke oleh-oleh sing dituku mau, diulungake dhe Setro karo kandha :

?O inggih punika kagem keng putra, Jeng!?.

?Wah kok kathah sanget mas??

?Sampun kajengipun, Jeng?.

?Inggih matur sembah nuwun mas?. Saungkure tamune dhe Setro matur :

?Bu, tamunipun kok sae sanget inggih, tur tata kramanipun jangkep?.

?Karang kae ki putra priyayi luhur kok ya dhe?, ngono wangsulane Ana.

Bubar saka ngeterke Ana, Gunarso atine goreh. Mangan ora enak, lungguh ora jenak, citrane Ana tansah gawang-gawang ngalela ing padoning netra. Genea lagi saiki aku ketemu dheweke? Mangka wis duwe bojo wis duwe anak wis adoh banget upama tak gayuh. Tuna lupute aku malah bisa rame karo bojone. Ngono batine.

Ning nyatane, saya dilalekke kepara saya ngelam-lami lelewane. Nganti owah-owahane Gunarso kepirsan rama ibune.

Kekarone padha ngarih-arih, ning tetep Gunarso ora blaka. Pepuntone, Gunarso neng nggone wong pinter njaluk mantra, supaya atine Ana kagiwang neng dheweke. Senajan mung paribasan sak dang sak penginang, kepingin banget tresnane entuk tanggapan saka Ana.

Wong pinter mau aba marang Gunarso supaya masrahake sampur abang arep dimantrani. Kejaba kuwi uga dikon pasa ngebleng telung ndina telung mbengi kanthi nyekeli sampur kuwi karo tansaha nyebut jenenge Ana. Dene wewalare, sampur kuwi aja nganti kena sesuker saka wong liya, upamane kringet, idu, pipis, luwih-luwih aja nganti dilangkahi sapa wae. Yen dilanggar, ilang dayane matra pengasihan kuwi.

Bareng wis cetha pakone wong pinter kuwi, Gunarso njur adus kramas ngayati pasa ngebleng ing njero kamare. Karo ibune ya matur yen arep prihatin, dadi kabeh pirsa.

Sawise genep dinane, nalika metu kamar, ibune wis nyedhiyani banyu putih kanggo ngombe lan jenang sungsum kanggo mbalekake kekuwatan. Nganti ana sepasar, awake Gunarso lagi krasa seger.

Kedaya notoling ati selak kepingin weruh sang pindha Ratih, Gunarso mbuntel sampur abang kaya dene kadho utawa oleh-oleh anggone bakal teka ing omahe Ana. Pas dina Minggu Gunarso dandan necis, jam sepuluh esuk wis tekan ngomahe Ana.

Tanggapan grapyak sumanak saka Ana saya gawe grengsenging ati. Sawise padha lelungguhan, Gunarso masrahake buntelan sampur karo kandha :

?Punika Jeng menawi kagem beksa, temtu mathis menawi Jeng Ana ingkang ngagem.?

?Wah kok repot-repot ta mas, mboten langkung inggih namung matur nuwun.?

?Dipun bikak kemawon, Jeng!?. Ana manut banjur dibukak. Weruh sampur abang sing mawa gombyok logem emas, anggone nyawang kedhep tesmak, malah banjur diarasi sajak kalegan banget atine. Gunarso nicil ayem.

Rumangsane Gunarso, esuk iku Ana katon moblong lan sumanar cahyane, ndadekke kobong ati lanange. Ketrucut tembunge marang Ana :

?Jeng punika rak dinten Minggu ta? Kula sampun dumugi ngriki, mbok gentosan kula dipun teraken dhateng Kaliurang, sampun dangu sanget kula mboten mrika? kandhane Gunarso karo mbalang esem.

?Mbok inggih mas, mangga mumpung taksih enjing? Ana gage sumaguh. Eka dipasrahahe dhe Setro, Ana lan Gunarso budhal menyang Kaliurang. Sawise nitipke mobil wong loro wiwit munggah. Bareng dalane wiwit ndeder, Ana dituntun Gunarso manut, sire Ana ngajak leren, ning Gunarso ora gelem, jare yen wis tekan ndhuwur sisan.

Lakune Ana dirangkul keket dening Gunarso. Lakune sing mung sasat ngremet, saya nambahi mongkok lan bungahe Gunarso.

Bareng Gunarso weruh mung keri ana vila siji ing dhuwur sisih ngarep kana, minangka palerenan/penginapan, Gunarso ngajak leren.

Ana sing wis lempe-lempe iku manut, malah bareng wis mbukak lawang kamar, gage wae ngebrukke awake ing peturon. Let sedhela, pelayan losmen nothok lawang ngaturke minuman lan makanan kecil.

Gunarso ngadeg ngancing lawang, njur nusul turon ing sisihe Ana. Nyawang Ana sing merem lan bathuke kebak kringet, Gunarso gage ngelapi nganggo kacune.

Ya ampun kasulistyane Ana saya katon cetha ing ngarepe mripate. Ana ketok pasrah, njalari ati lanange mengangah kobong, pingin nglalap apa wae sing ana ing sacedhake. Rasa birahine wis ora kena sinayudan.

na diruket kenceng ora suwala, diarasi sakatoge meneng wae.

Tangane Gunarso nggladik ing papan-papan sinengker. Niyate bakal ditutugake anggone dolanan barang kang banget digandhrungi setengah mati kuwi.

Anggone nglela-lela asmara bakal dipolake sadurunge ngajak mabur Ana ing sak ndhuwuring mega sap pitu.

Tan kocapa dhe Setro sing momong Eka. Kira-kira sak jam saungkure ibune, bocahe rewel mung undang-undang ibune terus, didolani apa-apa ora kodal, malah saiki tangise mbenginging gawe judhege dhe Setro. Tansah wae ngundang ibune.

Ora sengaja weruh sampur abang ing ndhuwur meja tamu, dijupuk dianggo nggendhong Eka, sawetara bocahe meneng. Malah banjur gelem mudhun lungguh, lemekan sampur lan nganggo dolanan gombyoke.

Ning njur nangis merga ngompol. Sampur sing wis teles, dening dhe Setro terus dienggo ngelapi jobin sisan, Eka sing nangis digendhong diajak metu ngadhang ibune, bocahe meneng.

Tan kocapa Gunarso sing wis tanek dolanan barang sing banget disenengi, saiki wektune ngajak mabur Ana tumuju alaming swarga ndonya tumrap dheweke.

Tangan wis mbiyak langse, ngayati ngunggahi gumbala giri sing bakal disasak alase sing ketel ngengreng, ndadak Ana nampel tangane, nduwa njorokake awake nganti Gunarso meh kejengkang tiba. Kandhane santak :

?Sampun mas, kula lan penjenengan mboten kenging tumindak punika, kula sampun gadhah semah. Mangga sak punika kondur.? Karo kandha ngono, Ana cak-cek mberesi sandhangane, jungkatan, terus nyaut tase ninggal losmen, nguncluk ndhisiki mudhun.

Gunarso gumun kepati. Sawise mbayar losmen, Gunarso uga banjur nututi Ana. Neng ndalan ora kocap. Ana anteng nganti tekan ngomah.

Iba kagete lagi wae mlebu manyuk lawang, Gunarso krasa lemes. Ing ngarepe, weruh sampur abang wis nglumpruk cedhak clanane Eka sing teles kena ompol ing jogan ngisor meja tamu. Kandhane angluh karo tumuju mobile : ?Oh dayane mantra pangasihan wis ilang, merga sampur abang kena pipise Eka?. Tanpa pamit Gunarso marani mobile, terus blabas mulih. Atine Semplah.

(Sumber: www.cerkak-jawa.com)

Berikut contoh video Cerkak lucu:

Cerkak bahasa jawa dulunya sangat digemari oleh masyarakat Jawa, karena di dalam ceritanya mengandung berbagai nilai dan moral yang baik. Cerita yang diambil juga menggambarkan tentang kehidupan yang ada di sekitar kita, jadi masyarakat merasa dekat dengan cerita yang dibawakan.

Saat ini cerkak bahasa jawa sendiri kadang masih sering dipertunjukan dalam acara tertentu, seperti acara perlombaan, acara pentas seni, maupun acara yang lainnya. Sebagai warga masyarakat yang baik kita sudah seharusnya turut melestarikan budaya kita sendiri.

Sebarkan ini:

  • Facebook
  • Twit
  • WhatsApp