Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone

Crita wayang

- Wayang iku asale saka tembung Ma-Hyang kang dhuweni teges roh ingkang saged damel beja cilakanipun manungsa. 

- Sing nglakokake wayang diarani dalang

- Sing nyanyi ngiringi pagelaran wayang diarani sinden

- Sing nabuh gamelan ing pagelaran wayang Niyogo

- Penyanyi lanang sing ngiringi pagelaran wayang wira swara

- Reroncening kedadeyan sing dironce lan direngka sing mernani lakuning crita, diarani  plot/alur cerita

- Kalungguhane pengarang nang njroning crita. Ana sing nganggo paraga pisan/orang pertama lan paraga katelu/pelaku utama orang ketiga, diarani sudut pandang

- Sing ora kalebu punakawan yaiku

- Apa kang disedya bisa kena, ananging aja nganti agawe gendra/rebutan. Bebasane

- Wewatake wayang miturut wangune dhingkluk yaiku sabar, sareh, wicaksono lan waspodo.

- Wewatake wayang jinising satriya yaiku alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksono.

- Lelakon wayang dijupuk saka Kitab Suci Agama Hindu, yaiku saka kitab weda

- Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radio, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng isa ngreteni babagan latar

- Ing Crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani pesen/amanat

- Sanajan Punakawan iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani watak tokoh

- Sasuwene ngrungokake crita wayang ing radio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa [buta, umume Cakil lan wadyabalane], nanging pungkasane mesthi satriyane unggul ing jurit [menang]. Pitutur kang kamot ing lelakon iku, yaiku wg kang bakal mulya gede pacobane

- Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandhawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandhawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandhawa isa ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandhawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa ikupangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandhawa iku menang ing yudha. Pitutur kang kamot sajroning crita iku yen diparibasakake, yaiku Rawe-rawe rantas malang-malang putung

- Ana ing crita wayang “ Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura “, sapa paraga utamane   Prabu Dhestarasta 

- Latar crita wayang “ Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura

- Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti Yudhistira, Bima, lan Arjuna

- Putrane Prabu Pandu karo Dewi Madrim nakula lan sadewa

- Miturut tata aturan ing sajroning karaton, kang gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik, yaiku nglengana marang kekurangane

- Prabu Kresna, Prabu Sugriwa, Prabu Puntadewa, Prabu Rahwana ratu ing keraton dwarawati,guwakiskendha,amartha,ngalengka

- Kasatriyane Raden Arjuna[madukara], Raden Werkudara[jodhipati], Raden Gathotkaca[pringgodani]

- Satriya sing dadi Dutha diutus Prabu Ramawijaya menyang negara Alengka kanggo njaluk baline Dewi Shinta sing diculik Prabu Rahwana. anoman

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

(RPP)

Satuan Pendidikan      : SMAN 2 Batang

Mata Pelajaran            : Bahasa Jawa

Kelas/semester            : X / 2

Materi Pokok              : Cerita Wayang

Pembelajaran ke-         : 4,5

Alokasi waktu             : 2 x 45 menit

A.    Kompetensi Inti (KI)

KI 1 Menghayati dan mengamalkan  ajaran agama yang dianutnya

KI 2 Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif dan pro-aktif dan menunjukan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia

KI 3 Memaham, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingintahunya tentang  ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,  kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah

KI 4 Mengolah,  menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak  terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan

B.     Kompetensi Dasar  dan Indikator Pencapaian Kompetensi

1.2  Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk petikan teks crita wayang

2.2  Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui petikan teks crita wayang

3.2  Memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

           Indikator

1.      Siswa mampu memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

2.      Siswa mampu mengambil amanat yang terkandung dalam teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

4.2  Menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya

Indikator

1.      Siswa mampu menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya

C.    Tujuan Pembelajaran

1.2  Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa dapat menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk petikan teks crita wayang

2.2  Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa dapat menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui petikan teks crita wayang

3.2  Setelah proses pembelajaran, siswa dapat memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) dan mampu mengambil amanat yang terkandung dalam teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

4.2  Setelah proses pembelajaran, siswa dapat menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya

D.    Materi Ajar

1.      Fakta

Teks Crita Wayang (Bima Bungkus)

2.      Konsep

Pangertene crita wayang

3.      Prinsip

Unsur crita wayang

4.      Prosedur

Cara nulis lan tuladha crita wayang

E.     Pendekatan dan Metode Pembelajaran

-          Pendekatan                 : Scientific

-          Model Pembelajaan     : Inquiry, Project Based Learning, Discovery Learning

-          Metode                        : inkuri, diskusi, praktek, penugasan

F.     Media dan Sumber Belajar

Media                    : Player VCD, CD/VCD, power point

Alat                       : LCD, Laptop, Teks Crita Wayang

Sumber Belajar      :

1.      Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga

2.      Sasangka, Sry Satriya TW. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Paramalingua

3.      Darminto, dkk. 2010. Kamus Besar Bausastra Jawa. Jakarta: Kharisma

4.      Sudiyatmana, Dr.HC dkk. 2012. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira

5.      H.G, Irawan. 2005. Kulina Basa Jawa. Klaten: Intan Pariwara

G.    Kegiatan Pembelajaran

PERTEMUAN 1

Kegiatan

Deskripsi

Alokasi Waktu

Pendahuluan

1.   Orientasi /Pembukaan

-    Guru membuka pembelajaran dengan berdoa, salam, dan menanyakan siswa yang tidak hadir

2.   Apersepsi

-    Guru melakukan apersepsi untuk mengaitkan materi yang telah dikuasai siswa dan yang akan dipelajari

-    Siswa menerima informasi tentang materi Crita Wayang

3.   Motivasi

-    Guru memotivasi siswa

-    Siswa menerima informasi kompetensi, tujuan, dan manfaat mempelajari Crita Wayang

4.   Pemberian acuan

-    Siswa menerima informasi sumber belajar yang bisa digunakan

5’

Kegiatan Inti

Mengamati

·     membaca  petikan teks crita wayang

Menanya

·  mempertanyakan unsur-unsur pembangun crita wayang yang terdapat pada petikan teks crita wayang

Mengumpulkan informasi

·  menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam petikan teks crita wayang

Mengasosiasi

·  Mengevaluasi relevansi pitutur luhur yang terdapat pada petikan teks crita wayang

Mengomunikasikan

·  menceritakan kembali isi petikan teks crita wayang dengan menggunakan ragam bahasa sesuai konteks dan norma

75’

Penutup

1.     Siswa mengumpulkan tugas materi yang telah dipelajari

2.     Siswa merefleksi penguasaan materi yang telah dipelajari dengan membuat catatan / rangkuman / kesimpulan

3.     Siswa mendengarkan arahan guru tentangrencana pembelajaran guru pada pertemuan yang akan datang

10’

    PERTEMUAN 2

Kegiatan

Deskripsi

Alokasi Waktu

Pendahuluan

1.      Orientasi /Pembukaan

-    Guru membuka pembelajaran dengan berdoa, salam, dan menanyakan siswa yang tidak hadir

2.      Apersepsi

-    Guru melakukan apersepsi untuk mengaitkan materi yang telah dikuasai siswa dan yang akan dipelajari

-    Guru mengulas kembali materi tentang cerita wayang

3.      Motivasi

-    Guru memotivasi siswa

-    Siswa menerima informasi kompetensi, tujuan, dan manfaat mempelajari Crita Wayang

4.      Pemberian acuan

-    Siswa menerima informasi sumber belajar yang bisa digunakan

5’

Kegiatan Inti

Mengamati

·     Membaca  petikan teks crita wayang

Menanya

·     membuat pertanyaan yang berhubungan dengan crita wayang

Mengumpulkan informasi

·  menemukan unsur pembangun crita wayang yang terdapat pada petikan teks crita wayang

Mengasosiasi

·  menganalisis unsur-unsur pembangun

·  menginterpretasi isi crita wayang yang terdapat pada petikan teks crita wayang

Mengomunikasikan

·  menanggapi penceritaan kembali isi petikan teks crita wayang dengan menggunakan ragam bahasa sesuai konteks dan norma

75’

Penutup

1.      Siswa mengumpulkan tugas materi yang telah dipelajari

2.     Siswa merefleksi penguasaan materi yang telah dipelajari dengan membuat catatan / rangkuman / kesimpulan

3.     Siswa mendengarkan arahan guru tentangrencana pembelajaran guru pada pertemuan yang akan datang

10’

H.    Penilaian

Penilaian

Teknik

Bentuk Instrumen

a.       Penilaian kompetensi sikap

a.     Pengamatan Sikap

Lembar Pengamatan Sikap dan Rubrik

b.      Penilaian kompetensi pengetahuan

a.         Tes Tulis

b.        Penugasan

Tes Pilihan Ganda dan Uraian

Lembar Penilaian Diskusi / Presentasi dan Rubrik

c.       Penilaian kompetensi ketrampilan

a.                                 Tes Praktek

Lembar skala penilaian/Rubrik

Teknik dan instrument penilaian

a.       Penilaian kompetensi sikap

·         Observasi

LEMBAR  PENGAMATAN / OBSERVASI

Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa

Kelas / Semester        : XI MIA                                

Kompetensi Dasar    : 3.2   Memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

Materi Pokok            : crita Mahabharata (Bima Bungkus)

Hari / tanggal pengamatan   :

                              i.   Penilaian dilakukan selama kegiatan  pembelajaran

                            ii.   Hasil penilaian ini digunakan untuk mengetahui sikap peserta didik

                          iii.   Aspek yang dinilai:

1). Tanggung jawab

2). Kerja sama

3). Santun dalam berbahasa

4). Ahklak mulia

5). Percaya diri

4. Keterangan Skor   dan Katagori skor

Skor 1 = sangat kurang               Jumlah skor 1- 5  katagori tidak aktif

Skor 2= kurang                            Jumlah skor 5-10 katagori kurang aktif

Skor 3= cukup                              Jumlah Skor 11-15 katagori  cukup aktif

Skor 4= baik                                 Jumlah skor 16-20 katagori aktif

Skor 5 = baik sekali                      Jumlah skor 21 -25 katagori sangat aktif

Berilah skor untuk setiap aspek! 

NO

NAMA PESERTA DIDIK

ASPEK YANG DINILAI

JUMLAH SKOR

KATEGORI

1

2

3

4

5

1

2

3

b.      Penilaian kompetensi pengetahuan

·         Tes tulis dan penugasan

Tes tertulis

Kerjakan soal dibawah ini:

1.   Apa kang kok ngreteni babagan Crita Wayang?

2.   Sebutna unsur-unsur Crita Wayang?

3.   Aweha panemu tumrap andharan wos surasane Crita Wayang kang dijlentrehake dening kancamu!

4.   Sebutna pitutur luhur ingkang saged kapundut saking crita rakyat kasebut!

5.   Tulisen synopsis crita wayang!

Kunci Jawaban

Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni  kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para ahli.

Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan.

Kawicaksanan

Kawicaksanan

Kawicaksanan

Pedoman penilaian

 NILAI =

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone
%

Penugasan

INSTRUMEN TUGAS TERSTRUKTUR

A.  Mata Pelajaran               : Bahasa Jawa

B.  Kelas / Semester             : XI MIA                               

C.    Kompetensi Dasar        : 3.2   Memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

D.  Materi Pokok                  : crita Mahabharata (Bima Bungkus)

E.  Hari / tanggal pengamatan:

F.      Deskripsi tugas:

Secara kelompok anak mendiskusikan dan dilaporkan secara tertulis:

1.    Menentukan nilai-nilai yang terkandung di dalam cerita wayang (Bima Bungkus)

2.    Menganalisis unsur-unsur pembangun

3.    Mengaitkan nilai-nilai dengan kondisi masyarakat saat ini

4.    Memberi tanggapan isi dengan bahasa sendiri Crita wayang (Bima Bungkus)

Kunci Jawaban

Pedoman penilaian

NILAI =

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone
%

LEMBAR  PENGAMATAN / OBSERVASI DISKUSI KELOMPOK

Mata Pelajaran                                 : Bahasa Jawa

Kelas / Semester                               : XI MIA                                

Kompetensi Dasar                            : 3.2   Memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

Materi Pokok                                    : crita Mahabharata (Bima Bungkus)

1.         Penilaian dilakukan selama kegiatan  diskusi

2.         Hasil penilaian ini digunakan untuk mengetahui tingkat aktivitas peserta didik

3.         Aspek yang dinilai:

1). Tanggung jawab

2). Kerja sama

3). Keberanian mengajukan pertanyaan

4). Kemampuan menyampaikan informasi/ menjawab pertanyaan

5). Menghargai pendapat orang lain

4. Keterangan Skor   dan Katagori skor

Skor 1 = sangat kurang               Jumlah skor 1- 5  katagori tidak aktif

Skor 2= kurang                            Jumlah skor 5-10 katagori kurang aktif

Skor 3= cukup                              Jumlah Skor 11-15 katagori  cukup aktif

Skor 4= baik                                 Jumlah skor 16-20 katagori aktif

Skor 5 = baik sekali                      Jumlah skor 21 -25 katagori sangat aktif

Berilah skor untuk setiap aspek! 

NO

NAMA PESERTA DIDIK

ASPEK YANG DINILAI

JUMLAH SKOR

KATAGORI

1

2

3

4

5

1

2

3

 NILAI =

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone
%

TUGAS  MANDIRI

Sekolah                                   : SMA Negeri 2 Batang

Mata Pelajaran                        : Bahasa Jawa

Materi Pokok                        : Crita Mahabharata (Bima Bungkus)

Kelas /Semester                       :  X MIA

Kompetensi Dasar

         Indikator

Kegiatan

Waktu

4.2 Menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya

4.2.1.      Siswa mampu menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya

·          secara individual peserta didik diminta menginterpretasi isi petikan teks crita wayang secara lisan maupun tulisan

Dikumpulkan pada pertemuan yang akan datang

Pedoman Penilaian

Pedoman penilaian

 NILAI =

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone
%

c.       Penilaian kompentensi ketrampilan

INSTRUMEN TES PRAKTIK

A.  Mata Pelajaran                           : Bahasa Jawa

B.  Kelas / Semester                         : X MIA                                 

C.  Kompetensi Dasar                      : menyajikan sinopsis teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus)

D.  Materi Pokok                              : Cerita Mahabharata (Bima Bungkus)

E.  Hari / tanggal pengamatan        :

F.             Deskripsi tugas:

a.       Menulis sinopsis crita novel

b.      Menyunting kesalahan sinopsis novel yang ditulis oleh teman

Pedoman Penilaian Sinopsis

Pedoman penilaian

 NILAI =

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone
%

Pedoman Penilaian Menyunting sinopsis

Pedoman penilaian

 NILAI =

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone
%

LAMPIRAN

1.      Pangertene wayang

Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni  kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para ahli.

Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang glek kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.

Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.

Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar, lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang..

2.      Unsur crita wayang

Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan.

3.      Tuladha crita wayang

BIMA BUNGKUS

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..

Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.

“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”

Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.

“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”

Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.

Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.

Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.

Praptene Betara Narada.

Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”

“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”

Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

DEWA RUCI

Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.

Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandawa.

Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana, Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima. Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal, banjur disusul dening Kurawa liyane.

Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan, Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana.

Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi alesan kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra menyang gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal.

Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang kahyangan.

Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek, Bima teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep bali menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra. Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali menyang kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane.

Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing gunung Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke ndhawuhi Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima. Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep tumuju menyang segara kidul.

Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu kan sedulure arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima.

Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi. Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi, nanging dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare samodra.

Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake dhawuhe gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake, dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti niyat kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning dumadi.Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan sedulure, amarga isih akeh kewajiban kang kudu ditindakake.

Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina.

Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane, Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining panguripan. Dewi Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-He..

Mengetahui,

Kepala SMA Negeri 2 Batang

Drs. Herry Soemiarto

NIP 195512151979031011

Batang,       Juli 2014

Guru mapel Bahasa Jawa

Yuniarti Nanin T, S.Pd

LEMBAR KERJA SISWA

I.       Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!

1.      Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng isa ngreteni babagan ....

a.       tokoh                                             d. alur

b.      watak tokoh                                              e. pesen/amanat

c.       latar

2.      Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani ....

a.       tokoh                                             d. alur

b.      watak tokoh                                              e. pesen/amanat

c.       latar

3.      Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ....

a.       tokoh                                             d. alur

b.      watak tokoh                                              e. pesen/amanat

c.       latar

4.      Sasuwene ngrungokake crita wayang ing radhio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane). Pitutur kang kamot ing lelakon iku yaiku ....

a.       satriya kudu wani perang

b.      wong kang bakal mulya gedhe pacobane

c.       ing alas iku panggonane bebaya

d.      buta duwe watak seneng ganggu gawe

e.       aja seneng mapan ing papan sepi

5.      Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur kang kamot sajronng crita iku yen diparibasakake yaiku ....

a.       ing ngarsa sung tuladha

b.      teteken tekun bakal ketekan

c.       titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti

d.      rawe-rawe rantas, malang-malang putung

e.       becik ketitik ala ketara

Rungokna crita wayang ing ngisor iki!

Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone

Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku kang bakal mbacutake keprabone dharah Kuru.Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata.

Nanging kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih.Saka sarasehan agung netepake kang dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana duwe kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake swasana kang ora becik.

Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus kang diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra kang arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim,  putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).

6.      Paraga utama ing crita kasebut yaiku ....

a.       Prabu Pandu                                  d. Prabu Matswapati

b.      Prabu Dhestarasta                         e. Prabu Salya

c.       Widura

7.      Latar crita iku yaiku ....

a.       Mandaraka                                    d. Gandara

b.      Suwala                              e. Dewaka

c.       Hastinapura

8.      Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....

a.       Kurawa

b.      Pandawa

c.       Sunjaya lan Wiyansampana

d.      Yudhistira, Bima, lan Arjuna

e.       Nakula lan Sadewa

9.      Undherane crita kang jumeneng nata Hastinapura yaiku ....

a.       Prabu Pandu                                  d. Prabu Matswapati

b.      Prabu Dhestarasta                         e. Prabu Salya

c.       Widura

10.  Saka crita iku, miturut tata aturan ing sajroning karaton kang gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik yaiku ....

a.       aja rebutan panguwasa

b.      nglengana marang kekurangane

c.       negara kang adiluhung

d.      ngalah dhuwur wekasane

e.       nandur bakal ngundhuh

II.    Essay

1.      Rungokna crita wayang kang diwaos dening Bapak utawa Ibu guru iki!

PANDAWA LAN KURAWA MEGURU DURNA

Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone

Sumber: wayang wordpress.com

Sawise Pandawa lan Kurawa meguru marang Begawam Krepa, sabanjure meguru marang Begawan Durna, ipenipun Krepa. Caritane mangkene.Begawan Durna iku putrane Resi Baratwaja.Sawijining wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama tumuju menyang nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, kang saiki jumeneng nata ing Pancala.Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih Gandamana nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal nemoni ipene Krepa Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandawa lan Kurawa kang lagi dolanan yen jaman saiki bal-balan. Ndilalah bal sing dingo dolanan kecegur sumur, lan ora ana kang wani njupuk. Kanthi pitulange Durna, bal isa dijupuk kanthi jemparing saka alang-alang. Para Pandawa lan Kurawa padha kaget lan ngalembana kasektene Durna. Bab iku diaturake marang Bisma. Miring atur iku Bisma seneng banget jalaran pancen lagi golek guru kang linangkung, mula Durna ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan jurit lan wawasane.

Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wisp inter ora kena nulak kabeh pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung Arjuna dhewe kang nyaguhi.

Bareng wis sawetara wektu, kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa wae, semono uga bab kang sinandi. Bima lan Duryudana pinter . Bima lan Duryudana prigel ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang. Yudhistira prigel perang kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi (obat-obatan), Arjuna prigel jemparing.Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima tandhing yuda karo Duryudana, semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh padha digdayane.

Sawijining dina Durna kepengin males lara atine marang Drupada kang rikala semana gawe serik atine. Kabeh satriya diklumpukake, supaya ngrangket Drupada minangka tandha bektine marang Guru.Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa dikalahake.Genti para Pandawa kang nyerang, wusanane Drupada isa dirangket urip dening Arjuna, kang sabanjure dipasrahake marang Durna.Gandheng Drupada kalah, Nagara Pancala separo sisih lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.

Bareng perang wis paripurna, Pandawa lan Kurawa bali menyang Hastinapura. Prabu Drestharastra seneng banget marang Yudhistira kang awatak adil lan utama, mula bakal dijumenengake nata nggantekake Pandu.

2.      Sebutnaparaga-paraga ing crita wayang iku!

3.      Jlentrehna watak-watake para paraga ing crita iku!

4.      Andharna wosing crita wayang ing ndhuwur!

5.      Wedharna pitutur luhur apa kang bisa kapethik saka crita wayang iku!


Ing cerita wayang bharatayuda Jayabinangun prang antarane Pandhawa lan kurawa iku tundhone


Page 2