Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda/ Bedanya Pranata Acara dan Penjelas Acara/ Difference Master of Ceremony (MC) and Explain of Agenda (Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.) Prantacara kerep uga diarani denign babrayan agung minanga prantacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan). Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Ing tata upacara pahargyan temanten, pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pambhagyaharja (sesulihe sing duwe gawe mantu), pasrah temanten utawa nampa pasrahe temante, khutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe wong kasripahan (kepaten), pamedharsabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines (penyuhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisuda, lan liyane. B) Sarat Panatacara Kanthi gladehn lan sarat laku pitung perkara. Dening Rma Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku: Ø Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe Ø Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini Ø Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong Ø Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake. Ø Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu Ø Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa Ø Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman Kajaba sarat laku pitu iku isih ane maenh sarat liyane kang kudu digladhi. C) Perangane teks Pranatacara Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks pranatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks prantacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut: Ø Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”. Ø Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad Ø Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek. Ø Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening prantacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono. Ø Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak Ø Salam penutup buatlah kalimat "sang hyang dewangkara" dalam bahasa jawa memperkenalkan diri dengan bahasa sunda dalam bentuk yang mudah dan simple !!! menulis kecap kata dalam bahasa Sunda sebanyak 30 katabantuin dong Kakabuat sekarang Pék sebutkeun gaya basana!a. Duh, meni hayang kahampangan.Gaya basa ....b. Indit ka toko éta mah kudu mawa duit sakarung sabab hargana marahal.Gaya ba … Poinnya banyak!!!Buat mas/mbak tolong bantu jawab. Dibutuhkan sekarang no asal asalan! buatlah pachelaton kutha tegal dengan 4 tokoh macam-macam daerah yang meliputi definisi Ciri dan contoh Berikan semua informasi yang kalian tahu tentang rupa kakawih Sunda, berikan contoh, penjelasan, ciri-ciri dan jenis-jenisnya, dan sebagainya. Berikan … Tolong buatin cerpen yang ada unsur pribasa Bali "galak-galak di guwungan" a Irah-irahan b Paraga Utama c. Paraga Tambahan d. Paraga Antagonis e. Paraga Protagonis f. Papan kedadeyan (latar anggonan) g. Wektu kedadeyan (lata …
Selamat Malam.. sahabat, Di website caktekno.com hari ini 29-May-2022 kami menyediakan kumpulan soal, bank soal beserta daftar jawaban/kunci jawaban tentang EVALUASI PRANATACARA X_2 yang sangat lengkap untuk semua jenjang pendidikan sebagai sarana belajar kamu belajar dan mengikuti PTS (Penilaian Tengah Semester)/UTS/Ulangan/Tugas Rumah/PR/Ujian Akhir untuk Kelas Professional Development di sekolah atau sebagai referensi soal untuk bapak dan ibu guru di sekolah. Soal latihan di website ini disusun secara struktur dan mempermudah siswa mempelajari dan menguasai mata pelajaran pada semester 1 dan 2 2022/2023. 38+ Soal EVALUASI PRANATACARA X_2 2022/2023 Lengkap1. Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku .... a. Panata adicara b. Pambagyaharja c. Panata acara d. Pambiwara e. Pewara 2. ”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan .... a. salam pambuka b. atur pakurmatan c. atur pangayubagya d. tetepungan e. atur puji syukur 3. Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan .... a. Pambuka b. Rantaman adicara c. Isi d. Panutup e. Papan lungguhe 4. Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu diarani .... a. atur wilujeng b. atur pasrah c. atur pangayubagya d. atur pakurmatan. e. atur panampi 5. Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika .... a. nutup adicara b. nata lan nulis rantamane adicara c. nata lakune adicara d. mbukak adicara e. maca adicara 6. ”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan … . a. pambuka b. atur pakurmatan c. atur panutup d. rantaman adicara e. isi 7. Kang wenang medharake atur pasrah penganten kakung ing adicara temu manten .... a. pranatacara b. sulih kadang besan c. pamedhar sabda pambagya d. wakil tuan rumah e. sulih kang hamangku gati 8. Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo… . a. artikulasi b. lafal c. wirama gendhing d. intonasi e. vokal 9. Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara kang gamben yaiku .... a. wasis ing olah basa lan sastra b. sugih ing kawruh c. besus ing busana d. nuhoni trah utama e. tansah ngugemi subasita 10. Menawi wekdalipun sampun kaseplan mepet saking rantaman, panatacara utawi pamedharsabda tamtu badhe matur kanthi … . a. seru lan cetha b. lumintu c. ngelantur d. cekak aos e. ngambra-ambra 11. Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku …. a. Wara-wara b. Pambagyaharja c. Pasrah d. Pranatacara e. Dhagelan 12. Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan : Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani …. a. Ringkesan b. Pambuka c. Surasa d. Basa e. Panutup 13. Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka …. a. Penganten putri b. Penganten lanang c. Sesulih kang duwe gawe d. Pranatacara e. Sesulih saking penganten kakung 14. Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani…. a. Salam pambuka b. Pambuka c. Surasa d. Panutup e. Salam panutup 15. Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani …. a. Salam pambuka b. Pambuka c. Surasa d. Panutup e. Salam panutup 16. Pamedhar sabda inggih menika…. a. tiyang ingkang remenipun ngendika b. tiyang ingkang ahli ngendika c. tiyang ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiang kathah d. tiyang ingkang mboten nindakaken ayahan medhar sabda e. tinga ingkang ngendika wonten ngajengipun mikrofon 17. Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi…. a. tut wuri handayani b. adigang adigung adiguna c. ajining dhiri gumantung saka lathi d. ajining raga gumantung saka busana e. olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara 18. Basa ingkang komunikatif rikala sesorah utawi rikala dados pranatacara inggih menika kedah nggatosaken bab-bab ing andhap menika, kejawi ... a. Sinten ingkang gineman; b. Sinten ingkang dipunajak gineman; c. Sinten ingkang dipunginemi; d. Basanipun sakwontenipun e. Swasana nalikanipun gineman; 19. 10. Rikala sesorah Sikep sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken inggih menika, kejawi ... a. Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar watawis kalih jobin b. Jumeneng kanthi kapitadosan dhiri c. Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku d. Polatan katingal suméh, namung katingal kadamel-damel e. Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila 20. 15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun .. a. anteb saha manteb b. tanggap swasana c. pocapan cetha d. jumeneng jejeg e. membat mentulipun swanten 21. Ing salebeting acara temtu kemawon wonten paraga ingkang ngayahi jejibahan ngandharaken / maosaken titi rantamaning (lakuning) acara / nglantaraken lampah cak-cakaning acara. Paraga menika dipunsebut…. a. Pambagyaharja b. Juru pambagya c. Pengisi acara d. Pranatacara e. Sesorah 22. Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika…. a. Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi b. Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara. c. Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab d. Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan e. Pranatacara kedah nggatosaken wicara, wirama, wiraga lan wirasa, dene sesorah menika boten prelu 23. Dipuntingali saking basanipun, pranatacara wonten ing pahargyan temanten menika kedahipun boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah, utawi dipunsebut…. a. Basa alus b. Basa kiasan c. Basa paramasastra d. Basa rinengga e. Basa pranatacara 24. Mas Singgih kadhapuk dados pranatacara wonten ing acara pengetan dinten kamardikan benjang siyang. Langkung rumiyin mas Singgih nyerat peranganing teks pranatacaranipun. Ing ngandhap menika ingkang boten kaserat dening mas Singgih awit boten kalebet perangan teks pranatacara inggih menika.... a. Salam pambuka b. Atur puji sokur dhumateng Gusti c. Atur kasugengan d. Wedharing gati e. Atur pambagyaharja 25. Pranatacara migatosaken andhap ing-gilipun suwanten, cepet alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten. Prekawis punika ateges migatosaken . a. wicara b. wirama c. wirasa d. wiraga e. wiasta 26. Ing ngandhap menika ingkang kedah dipungatosaken nalika nindakaken sesorah, kejawi…. a. wiraga b. wirama c. malaksana d. wiyaga e. busana 27. Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur…. a. atur pambagya b. atur panuwun c. atur panutup d. atur pasrah e. atur panampi 28. Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi…. a. tut wuri handayani b. adigang adigung adiguna c. ajining dhiri gumantung saka lathi d. ajining raga gumantung saka busana e. olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara 29. Para pepundhen ingkang dahat kinabekten. Para tamu ingkang … kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sadaya kinen ngaturaken pambagyaharja ing ari kalenggahan menika. Tembung ingkang trep kagem njangkepi ukaran ing n ginggil inggih menika…. a. kula ajrih b. kinurmatan c. kula tresnani d. nembe ngasta e. paring ngelmu 30. Nuwun, bapak-bapak, ibu-ibu tuwin para rawuh kakung sumawana putri pambela sungkawa ingkang winantu ing karaharjan.Ing kalenggahan menika kula nampi jejibahan minangka sulih sariranipun Bapak Kaeroni sakulawarga ingkang nandhang sungkawa, tinilar dening bapak Surahman pisah salami-laminipun, sowan wonten ing pangayunaning Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Pramila, jalaran kawontenan saha bebeging penggalih Bapak Kaeroni boten saged matur piyambak wonten ing ngarsa panjenengan sedaya. Reroncen tetembungan ing nginggil trep dipun-aturaken dening pamedhar sabda minangka paraga . a. panatacara b. wakil keluwarga panandhang c. keluwarga panandhang d. wakil pambela sungkawa e. sesepuh pangarsa kampong 31. Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, agemane sri panganten sarimbit.Ukara kang kacetak kandel kuwi minangka gambarane klambi kang digawe manten sarimbit kaya... a. Gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari b. Klambine sri panganten cahyane kaya lampu sokle cumlorot c. Gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge d. Gumebyar kaya kalapis emas e. Gumebyar kaya cahyane lintang kang alihan 32. Kolik priya, priyagung Anjani putra.Ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis.... a. Purwakanthi lumaksita b. Saloka c. Purwakanthi sastra d. Paribasan e. Purwakanthi swara 33. Tembung-tembung kang wis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar utawa tembung kang ora salugune diarani.... a. Entar b. Pepindhan c. Bebasan d. Wangsalan e. Yogyaswara 34. Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani.... a. Purwakanthi b. Bebasan c. Yogyaswara d. Pepindhan e. Paribasan 35. Saka ukara ing ngisor iki kang kalebu jinis purwakanthi guru swara yaiku.... a. Sapa salah bakal seleh b. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa c. Runtang-runtung rerentengand d. Kinasihan kadya mimi lan mintunae e. Rinengga ing busana kang edi endah 36. Gatekna struktur teks sesorah ing ngisor iki! 1. Wasana 2. Salam panutup 3. Atur pakurmatan 4. Salam pambuka 5. Surasa 6. Puji syukur marang Gusti Urut-urutan struktur teks pranatacara kang trep yaiku ... a. 4 – 3 – 6 – 5 – 1 – 2 b. 4 – 6 – 5 – 1 – 3 – 2 c. 4 – 3 – 5 – 6 – 1 – 2 d. 4 – 5 – 3 – 6 – 1 – 2 e. 4 – 6 – 5 – 3 – 1 – 2 37. Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten saha bapak ibu ingkang bagya mulya. Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Ageng, ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya satksih pinaringan karaharjan sarta kawilujengan.Sajroning sesorah ingkang kacethak miring punika kalebet perangan ... a. Atur pakurmatan dhateng para rawuh. b. Atur puji syukur dhumateng Gusti ingkag Maha Kuasa. c. wasana basa ngenani pangarep-arep d. Atur panuwun dhateng para rawuh. e. Atur pangapunten dhateng para rawuh menawi katah kalepatan nalika dados pranatacara. 38. Wacanen pethilan teks sesorah ing ngandhap punika! Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan. Pethilan teks sesorah ing ndhuwur kalebu struktur ... a. Pambuka b. Ancasing gati c. Puji syukur d. Atur Pakurmaan e. Penutup 39. Wacanen pethilan teks sesorah ing ngandhap punika! Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun. Ukara ing inggil kalebet perangan sesorah bab … a. Salam pambuka maring para rawuh b. Purwaka sesorah c. Panutup d. Salam Panutup sesorah e. Nyuwun pangapunten 40. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana. Tembung pantes sinudarsana tegese…. a. pantes disegani b. pantes dihormati c. pantes ditiru d. pantes diajeni e. pantes disenengi Demikian Kumpulan Soal EVALUASI PRANATACARA X_2 Terbaru dengan Kunci Jawaban, Semangat Sob |